Leonhard Euler

From Wikipedia, the free encyclopedia

Leonhard Euler
Remove ads

Leonhard Euler (15 April 1707 - 18 September 1783) (dipunlafalaken "oiler") punika matématikawan lan fisikawan Switserlan. Piyambakipun kapirsani (sesarengan kaliyan Archimedes, Gauss, lan Newton) minangka salah satunggiling matématikawan paling ageng salawasipun. Leonhard Euler punika tiyang sepisanan ingkang ngginakaken istilah "fungsi" (dipundefinisikaken déning Leibniz - 1694) kanggé ngejawantahaken ungkapan matématis ingkang nglebetaken manéka parameter; upaminipun y = F(x). Panjenenganipun dipunanggep minangka satunggiling tiyang ingkang sepisanan nerapaken kalkulus ing fisika.

Sunyata Rikat Lair, Pati ...
Remove ads

Pranala njawi

Wikipedia
Wikipedia
Artikel punika, artikel dhasar ingkang kedah dipundarbèni sadaya basa.

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads