Linux

From Wikipedia, the free encyclopedia

Linux
Remove ads

Linux utawa GNU/Linux iku sistem operasi kang gratis lan dipandhegani déning Linus Torvalds. Linux kaanggit saka Minix kang isih sabangsa karo Unix.

Sunyata Rikat Kulawarga OS, Katrangan kahanan ...

Linux dadi kembang lambé ing jagad komputer amarga nganggo Sistem Tinarbuka lan ora mbayar. Sistem iki dikembangaké déning wong-wong kang sengkut ing ndonyaning komputer. Linux bisa digunakaké ing akèh prangkat atos (hardware), wiwit saka komputer kanthi basis 0386 nganti uba rampé èlèktronik cilik kaya déné Personal Digital Assistant (PDA).

Linux dhéwé lumaku ing kernel kang dadi intiné prosès komputer. Ana akèh pamakètan program ing Linux. Perkara ini njalari akèh banget distribusi Linux (distro).

Remove ads

Sajarah

Kernel Linux, pisanané ditulis déning mahasiswa Finlan, Linus Torvals, saka Helsinki. Dhèwèké kepéngin gawé kernel Minix kang bisa gampang diothak-athik. Minix iku proyèk pangajaran kang kaya sistem UNIX kang gratis. Vèrsi 0.01 diluncurké ing internèt nalika September 1991 ing sawijining milis.

Dolanané Torvalds iki banjur éntuk kawigatèn saka sukarélawan ing donya. Metuné Linux kagandhèng karo semangat sistem tinarbuka GNU Project kang digawa Richard M. Stalman.

Tux, sawijining Penguin, dadi logo lan maskot Linux. Linux banjur tinulis dadi merek dhagang kang diduwèni Torvalds (SN: 1916230), kang diupakara déning Linux Mark Institute.

Remove ads

Distribusi

Distribusi Linux utawa distro iku sistem pamakètan program-program kang lumaku ing Linux. Manéka warna distro iki digawé diselarasaké karo ancasané kaperluané. Sawetara distro kaya Debian, Red Hat, lan SUSE dadi populèr amarga gampang dienggo. Déné Distro kang tuwa dhéwé dhéwé ya iku Slackware. Salah sijiné distro kang dirumat déning wong Indonésia ya iku BlankOn.

Sawetara distro Linux kang ana:

  • turunane Debian
    • BlankOn
    • Knoppix
      • Damn Small Linux
    • Linspire
    • Kali Linux
    • Ubuntu
      • Kubuntu
      • Lubuntu
      • Xubuntu
  • turunane Fedora
    • CentOS
    • Mandriva
    • Red Hat
      • Scientific Linux
  • turunane Arch Linux
    • ArchBang
    • Artix Linux
    • Manjaro
  • Slackware
    • Salix OS
    • simpleLinux
Remove ads

Uga delengen

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads