BlankOn
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
BlankOn Linux iku distribusi Linux dhedhasar Debian kang dikembangaké déning Yayasan Penggerak Linux Indonésia (YPLI) lan Komunitas Ubuntu Indonésia (Ubuntu-id.org). Distribusi Linux iki digawé kanthi pangajab supaya bisa selaras tumrap kabutuhané panganggo komputer umum ing Indonésia.
Pangajab
Pangajab distro Linux BlankOn iki digawé supaya cocog tumrap panganggo komputer ing Indonésia. Mula saka iku, BlankOn digawé kanthi migatékaké piranti-piranti kang bisa digunakaké ing donya pandhidhikan, penggaweyan kantor, lan papréntahan. BlankOn 2.0 wis bisa muter berkas multimedia, upamané MP3, VCD, lan DVD, sarta nduwé praupan grafis khas Indonésia.
Jeneng
Jeneng BlankOn dijupuk saka jeneng iket sirah ing pulo Jawa, Madura, lan Bali, ya iku blangkon.
Sawetara iku, BlankOn uga bisa dimangertèni saka tembung basa Inggris: blank (kosong, utawa wilangan biner kanggo angka 0) lan on (wilangan biner angka 1). Mula saka iku, BlankOn bisa dimaknani dadi topi digital (modèren) kanthi sawangan klasik (kuna).
Arti liyané ya iku owah-owahan saka blank (kosong) nuju on (urip utawa ana isiné).
Remove ads
Rilis
BlankOn 1.0
Kode Jeneng: Bianglala
BlankOn 2.0
Kode Jeneng : Konde Archived 2011-07-28 at the Wayback Machine. - dirilis 15 November 2007
BlankOn 3.0
Kode Jeneng: Lontara Archived 2011-07-28 at the Wayback Machine. - dirilis 27 April 2008
BlankOn 4.0
Kode Jeneng: Meuligoe Archived 2011-07-21 at the Wayback Machine. - dirilis 13 November 2008
BlankOn 5.0
Kode Jeneng: Nanggar Archived 2009-12-21 at the Wayback Machine. - dirilis 1 Juni 2009
BlankOn 6.0
Kode Jeneng: Ombilin Archived 2009-12-21 at the Wayback Machine. - dirilis 4 Juli 2010
BlankOn 7.0
Kode Jeneng : Pattimura Archived 2011-07-07 at the Wayback Machine. - Dirilis 17 Agustus 2011[1]
BlankOn 8.0
Kode Jeneng: Rote Archived 2015-11-05 at the Wayback Machine. - dirilis 17 Agustus 2012
BlankOn 9.0
Kode Jeneng: Suroboyo Archived 2014-04-18 at the Wayback Machine. - dirilis 15 Fèbruari 2014
BlankOn X
Kode Jeneng: Tambora Archived 2015-03-14 at the Wayback Machine. - Jahitan 1 dirilis 1 Januari 2017
BlankOn XI
Kode Jeneng: Uluwatu Archived 2020-01-29 at the Wayback Machine. - Jahitan 1 dirilis 2 Mei 2018
Remove ads
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads