Lobster
jenis kewan Krustacea laut From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Lobster banyu tawar utawa Freshwater Crayfish kalebu salah siji jinis kéwan akuatik saka kulawarga Astacidae, Cambaridae lan Parastacidae.[1][2][3] Ing Indonésia, wiwit taun 1991 Lobster banyu tawar minangka rerenggan.[4]
Remove ads
Anatomi utawa Pérangan Tubuh

Miturut morfologi, spésies-spésies lobster banyu tawar kalebu génus Cherax, [[famili parastacidae]], ordodecapoda, kelas malacostraca, subfilum crustacea, lan filum arthopoda.[2] Lumrahé lobster banyu tawar duwé titikan morfologi tubuh kang kapérang dadi loro, ya iku sirah (chepalothorax) lan awak(abdomen).[2] Antarané sirah ngarep lan sirah buri dikenal kanthi sebutan sub-chepalothorax.[2] Cangkang kang nutupi sirah diarani karapak (carapace) kang tugasé ngayomi organ tubuh kaya ta utek,angsang, ati, lan lambung.[2] Titikan liyané ya iku rostrum kang mèmper segitiga papak, amba, lan ana eri ing kiwa tengené rostrum.[2]
Remove ads
Jinis Lobster
- Cherax Dustructor, ya iku jinis lobster sing paling misuwur ing Australia.[1][2] Lobster jinis iki bisa urip kanthi cara nggawé bolongan kang jeroné bisa nganti 5 mèter.[1][2]
- Cherax Quadricarinatus, luwih misuwur kanthi jejuluk Redclaw. Diarani Redclaw amarga capité rupa abang.[1][2] Nduwéni jeneng latin Quadricarinatus kang tegesé patang lunas utawa papat lunas (quadri=papat, carinatus=carinae, wujudé kaya lunas) [1][2]
- Procambarus Claarkii, Lobster jinis iki asalé saka laladan Amérika Utara, Lousiana, Delta Missisippi.[1][2] Warna dominan saka lobster iki wujud abang.[1][2] Lobster jinis iki duwé sipat agresif,teritorial lan doyan mangan.[1][2]
Remove ads
Lobster Lanang lan Lobster Wadon
Ana sapirang titikan kanggo mbédakaké lobster lanang lan lobster wadon:[5]
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads