Mahmud Abbas

From Wikipedia, the free encyclopedia

Mahmud Abbas
Remove ads

Mahmoud Abbas (Arab: محمود عباس) (lair ing Safet, 26 Maret 1935; umur 90 taun); limrahipun misuwur kanthi asma miturut kunya utawi nom de guerre Abu Mazen (ابو مازن) inggih punika Présidhèn kapilih ing Pemilu Présidhèn taun 2005 tumrap Otoritas Nasional Palestina (PNA: Palestinian National Authority) ing tanggal 9 Januari 2005.[1]

Sunyata Rikat محمود عباسMahmoud Abbas, Présidhèn Otoritas Nasional Palestina Ke-2 ...

Mahmoud Abbas lair lan ageng ing Safet.[2] Sasampunipun lulus sekolah dhasar ing kutha punika, Abbas pindhah dhateng Suriah sasampunipun perang taun 1948.[2] Abbas nglajengaken sekolah menengah lan pawiyatan inggil ing kutha Damaskus. Sasampunipun tamat saking jurusan hukum ing Universitas Damaskus, panjenenganipun damel lembaga Palestina ingkang sepisanan ing taun 1954 ing Suriah.[2] Taun 1960-an, Abbas dados pegawé Departemen Pendidikan ing Qatar lan ing wekdal punika Abbas kekancanan kaliyan Yasser Arafat (1929-2004). Abbas dados anggota Majelis Nasional Palestina taun 1968 lan mimipin satunggalipun perundhingan boten resmi kaliyan Israèl ing taun 1977.[2]

Thumb
Abbas kaliyan Présidhèn Barack Obama ing the Oval Office

.

Wiwit taun 1983, Abbas dados anggota komite èksekutif Organisasi Pembebeasan Palestina(PLO) sarta mimpin komite nasional lan internasional ingkang konsentrasinipun ing sadaya bab organisasi non-pamaréntah.[2] Abbas miwiti perundhingan rahasia kaliyan Israèl ing taun 1989 kanthi pambiyantunipun Walanda.[2] Panjenenganipun tetep nglaksanakaken aktivitasipun perundhingan rahasia kaliyan Israèl nalika lan sasampunipun Konferensi Madrid taun 1991.[2] Sasampunipun Konferensi Madrid, Abbas pinitados minangka koordinator urusan perundhingan.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads