Marcella Zalianty

From Wikipedia, the free encyclopedia

Marcella Zalianty
Remove ads

Marcella Zalianty (lair ing Jakarta, 7 Maret 1980; umur 45 taun).[1] Marcella Zalianty ya iku salah sijiné aktris kang asalé saka Indonesia.[1] Marcella Zalianty ya iku anak wadon saka aktris Tetty Liz Indriati.[1] Kajaba iku Marcella Zalianty uga dadi mbak saka aktris Olivia Zalianty kang uga duwé profesi dadi artis.[1] Marcella Zalianty tau akting lan main sinétron kang akèh cacahé.[1] Salah sijiné judhul sinétron kang tau dibintangi Marcella Zalianty ya iku sinétron kang duwé judhul Sephia.[1] Sinetron iki kang nggawé jenengé sangsaya misuwur.[1] Sinetron kang judhulé Sephia iki disiyaraké ing salah sijiné stasiun tivi swasta kang jenengé SCTV.[1] Saliyané main filem ing layar kaca Marcella Zalianty uga njajal akting ing layar lebar utawa biyoskup.[1] Film kang sepisanan dibintangi yaiki filem kang judhulé Bintang Jatuh.[1] Film kanthi judhul bintang tiba iki disutradarai karo sutradara kang jenengé Rudi Soedjarwo.[1] Ing filem iki marcella main akting karo aktris kang jenenge Dian Sastrowardoyo.[1] Nalika taun 2005, lumantar filem Brownies, Marcella bisa éntuk penghargaan Ingkang maragani Utama Wanita Terbaik ing ajang Festival Film Indonésia.[1] Saiki, Marcella Zalianty isih aktif ing donyaning kagunan.[1] Kajaba iku Marcella Zalianty uga aktif ing kagiyatan-kagiyatan sosial.[1] Saiki Marcella Zalianty kacatet dadi dhuta Karya Tunas Nusantara, dhuta Tagana, lan dhuta Rumah Autis.[1] Nalika tanggal 29 November 2010 Marcella Zalianty nikah karo Ananda Mikola.[2] Nalika tanggal 19 Juni 2011 Marcella Zalianty nglairaké anaké kang sepisanan lan diwénéhi jeneng Kana Mahatma Soeprapto.[2]

Sunyata Rikat Lair, Bangsa ...
Remove ads

Sinetron

Sinetron kang tau dibintangi Marcella Zalianty.[1]

  • Cerita Cinta (Indosiar, 1999 - 2002)
  • Sephia (SCTV, 2002 - 2003)
  • Malam Pertama 1 (SCTV, 2003 - 2004)
  • Kapan Kita Pacaran Lagi (RCTI, 2005)
  • Menanti Surga (Astro Aruna, 2007)

Film Televisi

FTV kang tau dibintangi Marcella Zalianty.[1]

  • Target Ciuman (FTV, SCTV, 2002)
  • Walau Laut Memisahkan Kita (FTV, SCTV, 2002)
  • Ibuku Andini (Layar Oke, RCTI, 2003)
  • Kacamata Kaca (I-Sinema, ANTV, 2006)

Filmografi

Film kang tau dibintangi Marcella Zalianty.[1]

  • Bintang Jatuh (2000)
  • Tragedi (2001)
  • Eliana, Eliana (2002)
  • Tusuk Jelangkung (2003)
  • The Soul (2003)
  • Brownies (2005)
  • Missing (2005)
  • Belahan Jiwa (2005)
  • Denias, Senandung Diatas Awan (2006)
  • Under The Tree (2008)
  • Takut: Faces of Fear (2008)-Segmen Show Unit
  • Lastri (2009)
  • 7 Hati 7 Cinta 7 Wanita (2010)
  • Batas (2011)

Iklan

Iklan kang tau dibintangi Marcella Zalianty.[1]

  • Pagoda Pastilles (1999)
  • Visine
  • Red A
  • Smile Up
  • Pasisirne
  • Fren Mobile 8
  • GIV
  • Ponds
  • Hemaviton Action

Pamentasan Teater

Pamentasan teater kang tau dibintangi Marcella Zalianty.[1]

  • Freakin' Crazy You, Eki Dance Company
  • Teater Populer, Antigone
  • Pementasan teater ing Monako

Kagiyatan Liyané

Kagiyatan kang dilakoni Marcella Zalianty.[1]

  • Duta Yayasan Kanker Indonésia
  • Duta MAP untuk Sport Brand
  • Duta campak, UNICEF
  • Duta autisme, Rumah Autis
  • Duta Departemen Sosial, Tagana (Taruna Siaga Bencana)

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads