Mari Elka Pangestu
Mantri Perdagangan Républik Indonésia 26 From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Mari Elka Pangestu (Tionghoa: 冯慧兰; lair ing Jakarta, 23 Oktober 1956; umur 68 taun) inggih punika Mantri Perdagangan Indonésia wiwit 21 Oktober 2004.[1] Panjenenganipun dados tiyang èstri Tionghoa-Indonésia kawitan ingkang pikantuk amanah minangka dados mantri ing Indonésia.[2]
Remove ads
Karir
Panjenenganipun pikantuk gelar Bachelor lan Master Ékonomi saking Australian National University, Ph. D Ékonomi saking University of California, Davis, Amérika Sarékat.[1][2] Panjenenganipun dados spesialis perdagangan internasional lan keuangan, kanthi fokus ing regional ASEAN, China, lan Asia Pasifik.[1] Mari Elka Pangestu naté dados dhosen eksternal Ékonomi Internasional ing Universitas Indonésia, Jakarta.[1] Wiwit taun 2004, panjenenganipun dados negosiator Indonésia ing Organisasi Perdagangan Dunia (WTO).[1] Panjenenganipun ugi dados pandheganipun Kelompok 33, inggih punika kelompok nagari-nagari ingkang tumuwuh ing WTO ingkang mbudidaya konsèp SPs lan SSM wonten ing Agenda Pembangunan Doha WTO.[1] Saderengipun dados Mantri Perdagangan ing wulan Oktober 2004, panjenenganipun dados anggota Dewan Pimpinan Pusat Studi Strategis lan Internasional, Jakarta.[1] Mari Elka Pangestu ugi aktif minangka koordinator program wonten ing Forum Perdagangan Dewan Kerjasama Ékonomi Pasifik (PECC), satunggalipun organisasi jaringan pribadi ingkang anggotanipun cacah 23 ing Asia Pasifik.[1] Panjenganipun dados anggota aktif wonten ing seminar internasional.[1] Mari Elka Pangestu gadhah garwa Adi Harsono lan kanugrahan kalih putra, Raymond lan Arya Bima Harsono Harsono Alexander.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads