Maria
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Maria (ꦩꦫꦶꦪ, basa Aram-Yahudi: מרים Maryām "pait"; basa Yunani Septuaginta: Μαριαμ, Mariam, Μαρια, Maria; basa Arab: Maryam, مريم) iku ibuné Yesus lan tunangan Yusuf[1] sajeroning Kekristenan lan Islam.
Miturut sumber-sumber non-kanonik, wongtuwané asma Yoakim lan Hana. Sawijining téyori ngandhakaké yèn asma bapaké yaiku Heli, kang disebutaké sajeroning silsilah miturut Lukas. Maria, kang wektu iku siji perawan, weruh saka malaékat Gabriel, utusan Allah, yèn bakal ngandhut Yesus, anak saka Allah kang urip, liwat mukjizat saka Roh Suci.
Amarga Lukas 1:48 ("wiwit saiki kabèh katurunan bakal nyebut aku bahagia"), Maria akèh diagungaké ing kalangan wong Kristen, mligi ing lingkungan Gréja Katulik Roma lan Gréja Ortodoks. Umat Muslim uga ngurmati Maria. Babagan téyologi Kristen kang magepokan karan Mariologi. Pista kelairan Maria dipèngeti ing kalangan Gréja Ortodoks, Katulik Roma, lan Anglikan tanggal 8 September. Gréja Ortodoks lan Katulik Roma uga duwé akèh dina karaméan liyané kanggo ngurmati Maria.
Remove ads
Deleng uga
- Mariologi
- Bunda Guadalupe
- Theotokos
- Guwa Maria
- Salam Maria
- Perawan Terberkati Maria
- Kapel Perawan Maria
- Penampakan Maria
- Konsepsi Imakulasi
- Sang Madonna
Catatan ayat Alkitab
Wacan
Pranala njaba
Cathetan sikil
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads