Marmut

gènus kéwan nyusoni From Wikipedia, the free encyclopedia

Marmut
Remove ads

Marmut ya iku jinisé kéwan pengerat saka famili Sciuridae (bajing) kanthi génus Marmota.[1]

Sunyata Rikat Marmut Kalamangsa: Miosen pungkasan- samenika, Klasifikasi ngèlmiah ...

Marmut lumrahé urip ing tlatah pagunungan, kaya ta Alpen utawa Pirenia ing Èropah, Pegunungan Rocky utawa Sierra Nevada ing Amérikah Sarékat, lan Kanada ing pérangan lor.[1] Marmut lumrahé nggawé omah ing njero lemah lan nglakokaké hibernasi nalika mangsa adem.[1] Marmut hibernasi wiwit sasi Oktober nganti sasi Mèi.[2] Marmut kagolongaké dadi kéwan sosial awit marmut komunikasi karo marmut liyané kanthi swara anyul kang banter mligi nalika ana bebaya.[1]

Jeneng marmut asalé saka basa latin mures monti ("tikus gunung"), saka basa Latin Klasik mures alpini ("tikus Alpen").[2] Kéwan liyané kang mirib kaya marmut lan nduwéni sipat sosial ya iku asu prairie, kéwan iki ora digolongaké ing génus Marmota, nanging kalebu génus Cynomys.[2] Saliyané iku ing basa Indonésia ana kéwan kang diarani tikus Walanda (guinea pig) uga kena diarani marmut, sanajan kéwan pengerat iki asalé saka famili kang béda.[2] Pakanané marmut ya iku tuwuhan kaya ta suket-suketan, woh beri, lumut kerak, lumut godhong, oyot tuwuhan lan kembang.[2]

Jinisé marmut warna-warna.[2] Iki bisa dideleng saka ukuran awaké lan warna wulune kang warna-warna.[2] Ana marmut kang wuluné putih, klawu, coklat rada abang.[2] Marmut mirib kaya kelinci nanging kupingé luwih cendhek tinimbang kelinci.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads