Marshtomp
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Marshtomp, ing Jepang diarani Numacraw (ヌマクロー Numakurō?), iku spésies Pokémon jinis banyu-lemah ing Pokémon saka Nintendo and Game Freak. Digawé déning Ken Sugimori. Marshtomp pisanan metu ing gim vidio Pokémon Ruby and Sapphire lan sakcandhaké.
Spésies Pokémon iki misuwur minangka Pokémon Iwak Lélé, Marshtomp pisanan metu ing 2003 ing Pokémon Ruby and Sapphire.
Marshtomp iku évolusi saka Mudkip nalika lèvel 16 lan bakal évolusi manèh dadi Swampert nalika lèvel 36.
Remove ads
Konsép lan ciri
Marshtomp, misuwur minangka Pokémon Iwak Lélé. Pokémon iki warna biru nom, awaké ngadeg, sikilé loro, tangané loro, lan nduwéni sirip kang gedhé ing sirah. Wetengé Marshtomp katon bunder warna orén. Marshtomp nduwé sikil sing kuat lan bisa ngadeg supaya ora tiba nalika lumaku ing panggon blethok. Marshtomp seneng dolanan ing blethok supaya kulité ora garing.[1] Marshtomp bisa nglangi luwih banter yèn ana ing jero blethok tinimbang ing banyu.[2] Nalika turu, padha ngubur dhéwé ing lemah ing banyu.[3] Marshtomp lan kulawarga évolusiné manggon ing rawa-rawa utawa sawah, ing sawijing pulo kang mencil, amarga ora seneng banyu seger (bening) saka tlaga utawa blumbang.
Remove ads
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads