Masha and the Bear

acara tivi animasi saka Ruslan From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Masha lan Bruwang (Basa Ruslan: Маша и медведь, Basa Inggris: Masha and the Bear, Basa Indonesia: Masha dan Beruang) yaiku seri animasi kang diprodhuksi déning nagara Ruslan. Film iki ceritané saka dongèng kanthi irah-irahan Маша и Медведь utawa Masha and the Bear. Serial iki digawé dening Oleg Kuzovkov ing taun 2009 kanthi tanggal rilis 7 Januari. Sing produksi lan didistribusiaké ya iku Animacord Animation Studios. Masha digambarké minangka sawijining bocah wadon kang aktif, grapyak, semanak, sumèh, lan angèl kandanané. Dhèwèké manggon ana ing tengah alas karo kéwan kang dadi tetanggané ya iku babi, asu, wedhus, kang kerep diajak dolanan nanging padha ora gelem amarga wedi karo Masha. Nalika yén Masha metu saka ngomah, kéwan-kewané padha delik ing kandhangé dhéwé-dhéwé. Mishka, jeneng aran bruwang sing dadi kancané Masha iku minangka bruwang kang sabar, lan asih banget karo Masha. Nanging Masha iku bocah kang nakal lan seneng gawé atine Mishka si Bruwang mangkel.

Sunyata Rikat Genre, Digawé déning ...
Remove ads

Paraga

  • Masha: Bocah wadon kang lucu, konyol. Omahé ana ing setatsiyun sepur saka Alaska tekan Moscow (utawa moskva) kang cedhak ing omahé bruwang. Masha bocah kang lugu lan lucu. Masha asih banget marang Mishka. Masha uga seneng gawe ribut kewan liya.
  • Mishka: Bruwang werna soklat kang duwé awak gedhé kuwi pinter pamain sirkus lan milih urip tentrem ing alas nanging uripé ora bisa tentrem nalika Masha teka ning uripé Mishka. Pagawéané saiki ngopeni kebon wortel, woh-wohan, lan jejanganan.
  • Kewan liyane: truwèlu, srenggala, bajing, landhak lan sapanunggalané. Sing truwèlu senengané nyolongi wortelé bruwang, sing srenggala senengané ngincer isi kulkasé bruwang, nanging yen bruwang lara srenggala iso ngobati bruwang.
  • Dishka: Minangka bruwang wadon kang dadi cem-cemané Mishka. Racaké senengané gawa payung utawa keranjang kanggo opèk woh-wohan.
  • Dasha: Minangka seduluré Masha kang nganggo kaca mripat biru lan sayak orèn. Dasha wedi karo bruwang.
  • Panda: Minangka seduluré Masha saka Cina kang nalika dolan ing omahé Bruwang malah dibeda dening Masha.
  • Pinguin: Seduluré Masha lan anake bruwang kang omahé ing bawana Antartika.
Remove ads

Episode

Katerangan liyané No. Episode, Judhul ...
Katerangan liyané No. Episode, Judhul ...
Remove ads

Delengen uga

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads