Megan Fox

paraga wadon saka Amérika Sarékat From Wikipedia, the free encyclopedia

Megan Fox
Remove ads

Megan Denise Fox (lair ing Oak Ridge, Tennessee, Amérikah Sarékat, 16 Mèi 1986; umur 39 taun) ya iku aktris lan model kang kebangsaané Amérikah Sarékat kondhang amarga dadi bintang filem ning Holiday In the Sun (2001), Ning umur 5 taun, dhèwèké wus olih pelatihan ning babagan drama lan jogèd ning lembaga sosial ning kutha kalairané.[1] Ning umur 10 taun, dhèwèké pindah ning florida amarga dhèwèké remen ning babagan akting, akting disinauni nganti lulus SMU.[1] Ning umuré kang 13 taun, Megan cilik wis duwé bakat ning babagan seni.[1] Dhèwèké tau menang kompetisi ning babagan modeling lan jogèd, iki kang mbuktikaké.[1]

Sunyata Rikat Lair, Pakaryan ...

Nanging ning taun 2001, Megan nembé nyoba akting ning dunya filem.[1] Filmé kang pisanan judhulé HOLIDAY IN THE SUN, filem iki mbuka kariré ning dunya seni peran.[1] Peran pembantu kang tau dilakoni déning dhèwèké anggawe dhèwèké olih kahormatan kanggo dadi pemeran utama ning filem TRANSFORMES kang dirilis ning taun 2007.[1]

Megan kang nembé-nembé iki dinobataké paca pambaca priya dadi wanita paling seksi.[1] Darah Indian kang ngalir ning awaké anggawe dhèwèké seneng maring tattoo.[1] Ana 9 tattoo kalebu foto Marilyn Monroe anna ning awaké.[1]

Ning kauripané, Megan wus tunangan karo pepujaning atiné, Brian Austin Green.[1] Megan lan Austin dadian awit taun 2004.[1] Dhèwèké sempet nguumumaké kanggo nikah ning taun November 2006.[1] Nanging, gayutané ora mulus. Megan pedot lamarané karo Brian ning akir wulan Fèbruari ning taun 2009.[1]

Akiré kanthi resmi Megan negasaké manawa dhèwèké wus putus karo Brian.[1] Dhèwèké uga mbantah niaté kanggo nikahi mantan kekasihé mau.[1] Wektu-wektu iki dhèwèké esih seneng urip dhèwèkan.[1]

Megan, mbantah berita-berita babagan gosip megan nganggo operasi botox.[2] Kanggo mbantah berita mau Megan masang fhoto èlèk ning facebook pribadiné.[2] Foto-foto mau, mbuktikaké manawa dhèwèké ora nganggo botox.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads