Mei 2008

From Wikipedia, the free encyclopedia

Mei 2008
Remove ads

31 Mèi 2008 - TACA Airlines Pamaburan 390 tiba ing Honduras.

29 - Nepal njabel status karajané lan saiki dadi républik.

22 - Film Indiana Jones and the Kingdom of the Crystal Skull wekasané terbit sawisé nunggu 19 taun.

17 - Aktor kawakan Sophan Sophiaan tilar donya sajeroning kacilakan sepéda motor ing Ngawi, Jawa Wétan. (Kompas.Com)

16 - Pipa lenga bumi njeblug ing Ijegun, saloré Lagos, Nigeria. Kurban jiwa ana 100 wong. (Times)

13 - Serangan téroris ing Jaipur, India néwasaké punjul 80 jiwa. (BBC Indonesia)

Thumb
Lindhu ing Sichuan

12 - Lindhu gedhé ing tlatah Sichuan, China ngubur 900 siswa sekolah. Lindhu iki kakuwatané 7,8 mawa skala Richter. (AP via Yahoo!)

8 - Israèl ngrayakaké dina kamardikané sing kaping 60.

5 - Siklon ing Myanmar néwasaké 10.000-an jiwa.

1 - Démonstrasi gedhé ing Dina Buruh ing Jakarta, Indonesia.

1 - Rampog brutal ing toko emas Aladin, Surakarta mawa gaman api.

Katerangan liyané Dasawarsa, Taun : ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads