Merriam-Webster

From Wikipedia, the free encyclopedia

Merriam-Webster
Remove ads

Merriam–Webster, Incorporated iku kumpeni Amérika kang mbabar buku-buku réferènsi lan mligi kondhang amarga mbabar bausastra ( ꦧꦲꦸꦱꦱ꧀ꦠꦿ )

Sunyata Rikat Kumpeni babon, Yasa ...

Ing taun 1828, George lan Charles Merriam yasa kumpeni mawa jeneng G & C Merriam Co. ing Springfield, Massachusetts. Ing taun 1843, sawise Noah Webster séda, kumpeniné nuku hak ciptané An American Dictionary of the English Language (Jawa: Bausastra Inggris Amérika) duwèké Webster. Awit saka itu, kabèh bausastra Merriam–Webster bisa katurut tekan sumber iki.

Ing taun 1964, Encyclopædia Britannica, Inc. ndhapuk Merriam–Webster, Inc. minangka anak kumpeniné. Jenengé kumpeniné kang saiki wiwit kaanggo ing taun 1982.[1][2]

Remove ads

Leladèn

Ing taun 1996, Merriam–Webster ngetokaké situs wèb kang kapisan, mawa leladèn aksès gratis menyang bausastra lan dasanama onlèn.[3]

Merriam–Webster uga mbabar bausastra bab sinonim, panganggoning basa Inggris, géyografi (Merriam-Webster's Geographical Dictionary), biyografi, jeneng dhiri, tembung-tembung ing kawruh usada, tembung-tembung ing kawruh ulahraga, slang, Spanyol/Inggris, lsp. Babaran kang wujud non-bausastra kaya ta Collegiate Thesaurus, Secretarial Handbook, Manual for Writers and Editors, Collegiate Encyclopedia, Encyclopedia of Literature, lan Encyclopedia of World Religions.

Ing tanggal 16 Fèbruwari 2007, Merriam–Webster mbiwara pambabaré bausastra lan dasanama kanggo punsèl kang dikembangaké barengan karo AskMeNow. Konsumèné nganggo leladèn mau saperlu ngaksès dhéfinisi, éjaan, lan sinonim lumantar layang tèks. Ing layanané uga ana Word of the Day (Jawa: Tembung Dina Iki) saka Merriam–Webster lan Open Dictionary (Jawa: Bausastra Binuka), leladèn wiki supaya para lengganan bisa nggawé lan ngirim tembung-tembung anyar saha dhéfinisiné.[4]

Remove ads

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads