Microsoft

parusahan tèknologi saka Amérika Sarékat ing manéka nagara From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Microsoft Corporation (NASDAQ: MSFT, diyasa 1975), kantor pusaté ing Redmond, Washington, Amérikah Sarékat, iku perusahaan piranti alus gedhé dhéwé ing donya (kanthi punjul 50.000 karyawan ing manéka nagara, tekan Mèi 2004).

Kanggo kagunaan liyané, pirsani Microsoft (disambiguasi).
Sunyata Rikat Type, Traded as ...

Microsoft ngembangaké, gawé, nglisensikaké lan njurung manéka jinis prodhuk software kanggo manéka piranti pakomputeran. Prodhuké kang paling misuwur ya iku golongan sistem operasi Microsoft Windows, kang wis ana ing endi-endi sajeroning pasar komputer desktop.

Strategi bisnis Microsoft kang agresif wis njalari sapérangan panylidhikan pamaréntah, kalebu tuntutan hukum fédheral nalika taun 1998 ing ngendi Microsoft dinyatakaké wis kanthi ilegal migunakaké kekuwatan monopoliné kanggo ngalahaké pesaingé; liwat aksi bandhing lan negosiasi, Microsoft wis ngurangi prabawa saka putusan iki ing pangoprasian perusahaan lan status kewuangané.

Remove ads

Prodhuk lan organisasi

Microsoft adol manéka prodhuk software. Akèh saka prodhuk mau dikembangaké kanthi internal, contoné Microsoft Basic. Sapérangan prodhuk dituku saka pihak liya banjur dimèrek ulang déning Microsoft kanggo dhistribusiné, kaya déné Microsoft Project, sawijining program manajemen proyèk; Visio, sawijining program pantabèlan; DoubleSpace; Virtual PC kang dituku saka Connectix; lan malah MS-DOS dhéwé, kang dadi awal kasuksèsan Microsoft sajeroning donya panggawéyan lan pamasaran piranti alus.

Nalika wulan April 2002, Microsoft diorganisasi-ulang dadi pitung unit bisnis utama,ya iku:

  • Windows Client (ngemunah client, server lan sistem operasi kang jenengé Microsoft Windows)
  • Information Worker (ngemunah prodhuk software kanggo kantor)
  • Microsoft Business Solutions (ngemunah jasa bisnis lan aplikasi prosès)
  • Server and Tools (ngemunah piranti pangembangan lan software server kang kaintegrasi)
  • Mobile and Embedded Devices (ngemunah palmtop lan jasa tèlpon)
  • MSN (ngemunah jasa mawa basis-web)
  • Home and Entertainment (ngemunah hardware lan software konsumèn)

Ada uga Unit Bisnis Macintosh kang ndadèkaké Microsoft pangembang software Macintosh gedhé dhéwé sanjabané Apple dhéwé.

Remove ads

Uga delengen

  • Zune

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads