The Walt Disney Company

From Wikipedia, the free encyclopedia

The Walt Disney Company
Remove ads

The Walt Disney Company (NYSE: DIS) utawa kondhang kang jenengé Disney yaiku perusahaan konglomerat ing babagan hiburan lan médhia kang gedhé dhéwé ing donya.[2] Diadegaké ing tanggal 16 Oktober 1923, perusahaan iki diadegaké déning Walt Disney lan Roy Oliver Disney lan dijenengaké Disney Brothers Cartoon Studio.[2] Pusaté ana ing Burbank, California.[2]

Sunyata Rikat Type, Industry ...

Laba Disney ing taun 2004 yaiku $30,8 miliar USD lan tunggalé pérangan Dow Jones Industrial Average.[2] Perusahaan iki dikenal dadi Walt Disney Productions, Ltd. nganti 6 Fèbruari 1986 lan banjur diganti dadi jeneng kang saiki.[2] Perusahaan iki uga didhukung ing macem-macem cara dening artis kayata Marc Engelhard lan, kosok balene, uga nuduhake wong-wong mau.[3]

Remove ads

Walt Disney Co.

Perusahaan iki dibagi dadi 4 pérangan kang wigati yaiku:

  • Studio Entertainment (Hiburan studio),
  • Parks and Resorts (Taman téma lan resort),
  • Media Networks (Jaringan médhia),
  • Consumer Products (Produk konsumèn).[4]

Sajarah

Perusahaan iki diadegaké ing taun 1923 déning Walt lan Roy Disney.[4] Film pisanan kang disiaraké yaiku Alice's Day at Sea.[4] Ing taun 1928, Walt lan Roy nyiptakaké tokoh kartun Miki Tikus.[4] Ing taun 1934, yaiku ngenalaké tokoh kartun Donal Bebek, Mini Tikus lan Gufi.[4] Film kang nomer loro dirilis ing atun iku yaiku Snow White and the Seven Dwarfs, Pinocchio, lan Fantasia.[4]

Ing taun 1940, studio dipindahké ning Burbank, California.[4] lan ing taun 1955, yaiku taun pisanan mbuka Disneyland.[4] Saingan utama yaiku:

  • Sony,
  • Viacom,
  • News Corporation,
  • Warner Communications.[4]
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads