Mongolia

nagara ing Asia Wétan From Wikipedia, the free encyclopedia

Mongolia
Remove ads

Mongolia (basa Mongol: Монгол Улс) iku nagara kang kakurung dharatan ing Asia Wétan, wewatesan karo Ruslan ing sisih lor lan Tiongkok ing sisih kidul. Mongolia minangka pusat Kakaisaran Mongol ing abad kaping-13, nanging dikuwasai déning Dinasti Qing wiwit pungkasan abad kaping-17 nganti siji pamaréntah mardika kawangun kanthi bantuan Uni Soviet ing taun 1921. Sawisé karuntuhan Uni Soviet, Mongolia nganut aliran dhémokrasi. Kanthi jembar wewengkon kang padha karo Alaska, sapérangan gedhé wewengkon Mongolia duwé lemah kang gersang: racaké wewengkon wujud ara-ara suket, kanthi pagunungan ing pérangan kulon lan lor lan Ara-ara Gobi ing sisih kidul. Mayoritas kang ndunungi saka ètnis Mongol kang nganut agama Buda Tibet kanthi cara kauripan nomad.

Sunyata Rikat Монгол УлсMongol Uls, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...
Thumb
Peta Mongolia
Remove ads

Provinsi

Artikel utama: Provinsi Mongolia

Mongolia kapérang dadi 21 provinsi (aymguud; dicekak aimag utawa aymag) lan 1 kuthamadya (hot) satingkat provinsi.

  • Arhangay
  • Bayan-Ölgiy
  • Bayanhongor
  • Bulgan
  • Darhan-Uul
  • Dornod
  • Dornogovĭ
  • Dundgovĭ
  • Govĭ-Altay
  • Govĭsümber
  • Hentiy
  • Hovd
  • Hövsgöl
  • Ömnögovĭ
  • Orhon
  • Övörhangay
  • Selenge
  • Sühbaatar
  • Töv
  • Ulaanbaatar (munisipalitas)
  • Uvs
  • Zavhan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads