Mohammad Lukman Edy
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Ir.H Muhammad Lukman Edy,MSi. (lair ing Lempongan Pinang, Riau, 26 Novèmber 1970; umur 54 taun) inggih punika Mantri Percepatan Laladan Katilar ing Kabinét Indonésia Bersatu minangka gantosipun Syaifullah Yusuf ing Reshuffle Ka-2 nalika tanggal 9 Mèi 2007.[1][2] Lukman punika dados Sékretaris Jénderal (Sekjen) DPP Parté Kebangkitan Bangsa (PKB) periodhé 2005-2010.[1] Lukman Edy sadèrèngipun dados mantri naté nyambut damel dados kontraktor.[1] Panjenenganipun naté njabat dados ketua Lembaga Pengembangan Jasa Konstruksi lan Ketua Asosiasi Kontraktor toya Indonésia ing Riau.[1] Lajeng ing mangsa réformasi, panjenenganipun aktif ing parté pulitik PKB ing Riau.[1] Salajengipun nalika Muktamar PKB pungkasan panjenenganipun kapilih njabat Sekjen PKB versi Muhaimin Iskandar. Jabatan Sekjen PKB punika ndadosaken Lukman dados mantri paling eném ing Kabinét Indonésia Bersatu.[2]
Ing wekdal sapunika Lukman Edy taksih kaserat minangka dhirektur lan komisaris ing sawatawis perusahaan.[1] Panjenenganipun gadhah garwa ingkang namanipun Hj. Gustini Zulianti.[1] Lukman namataken pendidikan dhasar ngantos dumugi SMA ing Pekanbaru, S1 Teknik Sipil Universitas Brawijaya, Malang, S2 Manajemen Publik Universitas Padjadjaran, Bandung, lan sapunika panjenenganipun taksih nglajengaken studi S3 ing Universitas Malaya, Malaysia.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads