Saifullah Yusuf
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Drs. Saifullah Yusuf (miyos ing Pasuruan, Jawa Wétan, 28 Agustus, 1964) inggih punika Wakil Gubernur Jawa Wétan saking taun 2009 ngantos dumugi 2019.[1] Panjenenganipun naté dados Ketua GP Anshor taun 2000-2010, tilas Sekjen/Ketua DPP Parté Kebangkitan Bangsa lan tilas Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal Kabinét Indonésia Bersatu 2004-2007.[1]
Remove ads
Kariér
Panjenenganipun kapilih malih dados ketua Gerakan Pemuda Anshor périodhe 2005-2010 wonten ing muktamar ingkang dipunwontenaken nalika tanggal 3 April 2005 ing Asrama Haji Pondok Gede, Jakarta.[1] Tilas Sekretaris Jéndral utawi Ketua DPP Parté Kebangkitan Bangsa (PKB) punika milih Susilo Bambang Yudhoyono lan Jusuf Kalla nalika Pemilu Présidhèn ubengan kaping kalih 2004.[1] Pilian kasebat ndadosaken Yusuf pikantuk kalungguhan Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal ing Kabinet Indonésia Bersatu.[1] Nanging, nalika Mèi 2007 panjenenganipun dipun-gantos déning Muhammad Lukman Edy.[1]
Kariéripun Saifullah Yusuf inggih punika:
- taun 1990–1994 Wartawan Tabloid Detik,[2]
- 1996–1997 Wartawan Tabloid Target,[2]
- 1997–1998 Koordinator Liputan Tabloid Simponi,[2]
- 1997 Direktur CV Fatma Press,[2]
- 1998 Pamimpin Redaksi Harian Masarakat Baru,[2]
- 1999–2002 Anggota DPR saking PDI Perjuangan,[2]
- 2004 Anggota DPR saking PKB,[2]
- 2004–2007 Mantri Nagara Percepatan Pangyasa Laladan Tertinggal, Kabinet Indonésia Bersatu,[2]
- 2009–2019 Wakil Gubernur Jawa Wétan.[1]
- 2021–2024 Wali Khuta Pasuruan
- 2024–saiki Mantri Sosial, Kabinet Indonésia Maju
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads