Napoléon Bonaparte
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Kaisar Napoleon Bonaparte (15 Agustus 1769 – 5 Mèi 1821) dipunwiyosaken ing pulo Korsika saking sawijining kulawarga bangsawan lokal kanthi asma Napoleone di Buonaparte (ing basa Korsika, Nabolione utawi Nabulione). Salajengipun panjenenganipun ngadhaptasi asma Napoléon Bonaparte ingkang langkung mèmper Prancis.
- Kanggé kagunaan sanès, pirsani Napoleon (disambiguasi)
Remove ads
Karir militèr

Panjenenganipun dados murid ing Akademi Militer Brienne taun 1779 ing yuswa 10 taun, kawegiganipun ndadosaken Napoleon lulus akademi ing yuswa 15 taun. Karir militèripun nanjak kanthi rikat sasampunipun panjenenganipun kasil numpes karusuhan ingkang dipundhalangi kaum panyengkutung royalis kanthi cara ingkang banget ngagetaken: nembakaken meriam ing kitha Paris saking nginggil menara. Prastawa punika dumadi taun 1795 nalika Napoleon yuswa 26 taun. Manéka perang ingkang dipunmenangaken ing antawisipun nglawan Ostenrik lan Prusia.
Remove ads
Masa kajayan
Ing wekdal kajayanipun, Napoleon Bonaparte nguwaosi mèh sadaya dhataran Éropa kanthi cara diplomasi ugi paperangan. Ing antawisipun inggih punika Walandi kanthi dipunangkatipun rayinipun Louis Napoleon,Spanyol kanthi dipunangkatipun Joseph Napoleon, Swèdhen kanthi dipunangkatipun Jenderal Bernadotte minangka raja ingkang salajengipun khianat, sapérangan ageng wewengkon Italia ingkang dipunrebat saking Ostenrik lan Polen kanthi dipunangkatipun Joseph Poniatowski minangka wali nagari Polen.
Remove ads
Ugi pirsani
- Perang Napoleon
- Horatio Nelson
- Joséphine de Beauharnais
Pranala njawi
![]() |
Wikicuplik duwé cuplikan ngenani: Napoléon Bonaparte |
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Napoléon Bonaparte. |
| ||||||||||||||||||||
| ||||||||||||||||||||
Pirsani uga: Sajarah Prancis - Kapetia - Valois - Bourbon |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads