Spanyol
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Karajan Spanyol (basa Spanyol lan Galisia: Reino de España, Katalan: Regne d'ESpanyol, Basque: Espainiako Erresuma) yaiku nagara ing Éropa kidul-kulon, kang bebarengan karo Portugal, dumunung ana ing Ujung Iberia. Wates dharat Spanyol karo Éropa yaiku Pegunungan Pyrenia wewatesan karo Prancis lan Andorra. Wewengkoné uga nglingkupi kutha Ceuta lan Melilla ing Afrika Lor, Kepuloan Canary ing Samodra Atlantik, lan sawatara pulo ing Laut Tengah.
Remove ads
Géografi
Wewengkon Spanyol diwatesi déning Portugal ing sisih kulon, sarta Gibraltar lan Maroko ing sisih kidul. Spanyol wewatesan karo Prancis lan Andorra ing sisih lor-wétan ngliwati Pegunungan Pyrenia. Wates segarané yaiku Samodra Atlantik ing sisih kulon lan Lempongan Biscay ing sisih lor sarta Laut Tengah ing sisih wétan, papan ing ngendi Spanyol duwé wewengkon Kepuloan Balearik. Ing sisih kidul, ana Selat Gibraltar. Kutha-kutha ing Spanyol kanthi sing ndunungi paling akèh antarané Madrid, Barcelona, Valencia, Sevilla, lan Málaga.
Lansekap Spanyol didominasi déning dhataran dhuwur lan pagunungan, kaya ta Pyrenia lan Sierra Nevada. Saka panggonan mau, mili sawatara kali.
Iklim Spanyol kapérang papat pérangan:
- Mediterania
- Laladan Njero
- Pasisir Lor
- KapuloanCanary
Remove ads
Pembagéyan administratif
Spanyol dibagi 50 provinsi, dikelompokaké sajeroning 17 wewengkon otonomi lan 2 kutha otonom kang duwé otonomi kang ombèr.
Wewengkon otonomi
Spanyol dumadi saka 17 wewengkon otonomi (comunidades autónomas) lan loro kutha otonom (ciudades autónomas; Ceuta lan Melilla).
- Andalusia utawa Andalucía)
- Aragon
- Asturias
- Kapuloan Baleares
- País Vasco (utawa Basque Country)
- Kapuloan Canary (Islas Canarias)
- Cantabria
- Castile-La Mancha (Castilla-La Mancha)
- Castile lan Leon
- Katalonia
- Extremadura
- Galicia
- La Rioja
- Madrid
- Murcia
- Navarre
- Valencia
Provinsi

Karajan Spanyol uga kapérang dadi 50 provinsi (provincias). Wewengkon otonomi ngelompokaké sawatara provinsi (Extremadura, contoné, dumadi saka rong provinsi: Cáceres lan Badajoz). Wewengkon otonomi Asturias, KapuloanBaleares, Cantabria, La Rioja, Navarre, Murcia, lan Madrid, kabèh mau mung dumadi saka sak provinsi. Sacara tradhisional, provinsi-provinsi mau kapérang manèh marang wewengkon bersejarah (comarcas).
Wewengkon kadhaulatan
Ana lima enklave (plazas de soberanía) ing pasisir Afrika: kutha Ceuta lan Melilla minangka kutha-kutha otonom, sawijining status ing antarané kutha lan wewengkon otonom; kepuloan Islas Chafarinas, Peñón de Alhucemas, lan Peñón de Vélez de la Gomera ana ing ngisoré papréntahan punjer ing Spanyol.
Ceuta lan Melilla, sanajan dudu wewengkon bersejarah' kanthi resmi, uga nduwé status istimewa.
Remove ads
Deleng uga
- Pratélan nagara
- Bom Madrid, 11 Maret 2004
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Category:Spain. |
![]() |
Wikiplesir duwé panuntun plesir ngenani Spain. |
- (ing basa Spanyol) Portal resmi
- (ing basa Spanyol) Ramalan cuaca
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads