Neptu
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Neptu utawa neton, iku angka lan kombinasi angka ing kalèndher Jawa kang dijupuk saka dina, pasaran, wulan lan taun Jawa, kanggo ngitung wektu kang apik kanggo miwiti kagiyatan kang wigati. Miturut pétungan primbon Jawa, ana dina-dina kang apik kanggo ngayahi kagiyatan, nanging ana uga dina kang kurang apik kang sabisa-bisa diéndhani. Nanging pétungan iku mau mung minangka paugeran baé supaya ngati-ati, sebab apa kang bakal kadadéan iku saka kersané Pangéran kang Maha Kuwasa. Minangka conto, tanggal 1 Januari 2001 (wiwitan abad kaping 21 lan wiwitan alaf kaping 3) iku pas tiba dina Senin-Pahing, boboté 13, amarga Senin = 4 + Paing = 9. Angka neton iki bisa dianggo nemtokaké dina sing apik kanggo ijab kabul utawa kagiyatan sing wigati liyané.
Remove ads
Cacahing neptu
Dina lan pasaran
Saben dina lan pasaran ing kalèndher Jawa iku duwé neptu kang béda-béda. Sajeroning budaya Jawa neptu dina lan pasaran iku dibutuhaké banget kanggo ngayahi pétungan wektu lan golèk dina kang becik kanggo miwiti sawijining kagiyatan kang wigati. Cara-cara ngitung dina lan pasaran ing kalèndher Jawa iku diarani wariga gemet. Kanggo cethané, cacahing neptu dina lan pasaran bisa dipirsani tabel ing ngisor iki:
Wulan
Kayadéné dina lan pasaran, wulan utawa sasi ing kalèndher Jawa uga duwé neptu dhéwé-dhéwé.[1]
- Sura-1
- Sapar-3
- Rabiul Awal-4
- Rabiul Akhir-6
- Jumadil Awal-7
- Jumadil Akhir-2
- Rejeb-3
- Ruwah-5
- Pasa-6
- Sawal-1
- Dulkaidah-2
- Besar-4
Taun
- Alip-1
- Éhé-5
- Jimawal-3
- Jé-7
- Dal-4
- Bé-2
- Wawu-6
- Jimakir-3
Remove ads
Uga delengen
- Kalèndher Jawa
- Dina
- Wariga Gemet
- Pawukon
- Primbon
Réferènsi
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads