Nike Ardilla
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Raden Rara Nike Ratnadilla Kusnadi utawi Nike Ardilla (lair ing Bandung, Jawa Barat, 27 Dhésèmber 1975 – pati ing Bandung, Jawa Barat, 19 Maret 1995 ing umur 19 taun) inggih punika penyanyi rock Indonésia lan angsal jejuluk minangka Ratu Rock Indonésia (Queen of Indonésian Rock) utawi lady rocker. Nike tilar donya amargi kacilakan nalika nitih mobil Honda Civic. Kacilakan kasebat nalika ing Jalan RE Martadinata ing Kutha Bandung. Nike Ardilla tilar donya nalika popularitasipun taksih inggil. Nike Ardilla kalebet penyanyi, bintang filem, model, bintang iklan. lan seniman paling sukses ing sadaya babagan entertainment. Sanajan sampun tilar donya, Nike Ardilla taksih produktif ngedalaken album, sanajan albumipun taksih sami, namung gantos cover kémawon. Sadangunipun sajarah entertainment Indonésia ngantos sapunika, namung Nike Ardilla artis ingkang ansal pakurmatan ingkang paling inggil, saben tanggal lair lan sedanipun dipunperingati.
Remove ads
Karier
Nike Ardilla lair ing Bandung tanggal 27 Dhésèmber 1975 saking pasangan R.Eddy Kusnadi lan Nining Ningsihrat. Wiwit alit sampun miwiti karier kanthi ndhèrèk kathah festival nyanyi ing Bandung, ngantos lajeng bakatipun katingal déning prodhuser musik Deddy Dores.[1] Taun 1987, ibunipun mbekta Nike Ardilla dhateng Himpunan Artis Penyanyi Musisi Indonésia (HAPMI) asuhanipun Djadjat Paramor.[1] Ing mrika kepanggih kaliyan Deni Kantong guru nyanyinipun, lan Deni Sabrie ingkang salajengipun dados manajeripun. Deni Kantong lan Sabrie nepangaken Nike Ardilla dhateng Dedy Dores.[1]
Remove ads
Cathetan suku
Pranala njawi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads