Nirvana
grup musik saka Amérika Sarékat From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Nirvana iku jeneng band utawa grup musik kang asalé saka Aberdeen, Washington, Amérika Sarékat. Nanging, band iki misuwur mligi ing kutha Seattle, Amérika Sarékat. Mulané akèh kang nyebut band iki minangka Seattle Sound. Punggawané band iki ya iku Kurt Cobain, Krist Novoselic lan Dave Grohl. Salah sawijining grup musik kang akèh mènèhi prabawa menyang Nirvana ya iku Rolling Stone.[1]
Remove ads
Sajarah
Nirvana madeg taun 1987 ing Washington, Amérika Sarékat. Mèh kabèh lagu kang ana digawé déning Kurt Cobain. Ing purwa, Nirvana miwiti gawé album lagu ing sangisoré labèl indie. Album kapisan kababar ing taun 1989. Ing taun-taun iki, jeneng Nirvana sajatiné durung ana. Grup iki diceluk kanthi akèh jeneng. Nembé ing taun 1988, nalika Kurt Cobain nonton adicara Buda ana ing TV, jeneng Nirvana dienggo déning grup musik iki. Grup musik iki ing pungkasan bubar amarga patiné Kurt Cobain ing 8 April 1994.
Remove ads
Diskografi
Album Studio
- Bleach (1989)
- Nevermind (1991)
- In Utero (1993)
Album Konsèr
- MTV Unplugged in New York (1994)
- From the Muddy Banks of the Wishkah (1996)
- Live at Reading (2009)
Album Kompilasi
- Incesticide (1992)
- Hormoaning (Mini Demo Album) (1992)
- Grunge Is Dead (1994)
- Nirvana (best of album) (2002)
- With the Lights Out (rareities box set) (2004)
- Sliver: The Best of the Box (2005)
- Icon (2010)
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads