Okky Lukman

From Wikipedia, the free encyclopedia

Okky Lukman
Remove ads

Okky Ayudhia Lukman kondhang kanthi jeneng Okky Lukman (lair ing Jakarta, 25 Agustus 1984; umur 40 taun).[1] Okky Lukman iku salah sijiné juru main sinétron, pembawa acara utawa presenter, lan pelawak kang asalé saka Indonésia.[1]

Sunyata Rikat Lair, Pakaryan ...
Remove ads

Karir

Okky Lukman wiwit misuwur jenengé nalika Okky dadi bintang ing acara Lenong Bocah wiwit taun 1993-1998.[1] Awaké kang lemu lan gaya omongané kang crewet lan asal njeplak langsung narik kawigaten wong kang nonton.[1] Sadurungé nggabung ing Lenong Bocah, Okky uga main ing sinétron-sinétron kang dibabaraké ing stasiun TV ya iku TVRI.[1] Aditya Gumay, pimpinan Sanggar Ananda lan Lenong Bocah, kang ngerti bakat Okky.[1] Saka iki, Okky banjur mèlu main ing pamentasan Lenong Bocah kang dibabaraké salah sijiné stasiun tivi.[1] Sawisé iku Okky Lukman uga wiwit main ing sinétron lan dadi presenter ing acara tivi.[1]

Sinetron kang tau dibintangi Okky Lukman ya iku sinétron Norak Nanging Beken, Kamu Takut??Aku Juga!!, Montir-Montir Cantik lan Sebening Kasih.[2] Saliyané main sinétron, Okky Lukman uga main ing filem Gadis-Gadis Asrama.[2] Déné acara kang tau dibintangi Okky ya iku Funtastik, Dangdut Mania, Kring-Kring Olala, lan Ketok Pintu.[2] Okky Lukman iku anak saka pasangan M. A. Lukman lan Zukaida.[2] Okky dadi anak kang wuragil saka pasangan iki.[2]

Remove ads

Bebungah

Penghargaan kang ditampa Okky Lukman.[1]

  • Panasonic Gobel Awards 2006 : Pembawa Acara realitas favorit dhéwé
  • Panasonic Gobel Awards 2010 : Presenter Talent show favorit dhéwé
  • Festival Sinetron Indonesia : Peremeran Utama Wanita Terbaik

Sinetron

Sinetron kang dibintangi Okky Lukman.[1]

  • Lenong Bocah
  • Jinny Oh Jinny
  • Wah Cantiknya
  • Norak Nanging Beken
  • Annie Van Jogja
  • New Prime Time
  • Cucu (Cuplikan Lucu)

Iklan

Iklan kang dibintangi Okky Lukman.[1]

  • KFC (1997)
  • Coca-Cola (1999)
  • Tropicool (1999)
  • Trenz (2000)
  • Citra Body Lotion (2000)
  • Pizza Hut (2001)
  • Indomie (2001)
  • Esia (2007)
  • Okky Jelly Drink (2009)
  • Pamol (2010)

Presenter

Acara kang kabawah Okky Lukman.[1]

  • Ketok Pintu
  • Dangdut Mania
  • Idola Cilik
  • Dahsyat
  • Pacar Pertama
  • KDI 6
  • Derings

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads