Old Trafford
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Old Trafford (jejuluk The Theatre of Dreams diwènèhaké déning Sir Bobby Charlton) iku stadhion bal-balan ing kutha Stretford, Trafford, Manchester Raya, Inggris. Stadhion iki dadi kandhangé tim bal-balan Manchester United F.C.. Lapangan iki diduwèni kanthi permanèn déning Manchester United F.C. wiwit taun 1910. Stadhion iki ora digunakaké nalika taun 1941-1949 amarga dibom nalika Perang Donya II.[1]
Stadhion iki bisa diisi 76.000 wong. Ing tanggal 25 Maret 1939, stadhion iki mecahaké rékor cacahé panonton nganti 76.962, nalika ana bal-balan antarané Wolves-Grimsby.
Old Trafford dadi stadhion kang duwé kapasitas nomer loro ing Inggris, sawisé Stadhion Wembley. Stadhion iki uga dadi stadhion nomer telu gedhé dhéwé ing Inggris, saliyané iku uga dadi nomer sewelas gedhé dhéwé ing Éropah.
Remove ads
Sajarah
Satus taun kapungkur, Old Trafford miwiti pagelaran kang pisanan nalika MU mungsuh Liverpool nalika liga Inggris. Wiwitané: Manajer MU Serikat John Henry Davies ngentèkaké nganti £ 60.000 kanggo yasa stadhion. Nalika taun 1909, ana arsitèk saka Sekotlan, Archibald Leitch, kang nggawé dhésain stadhion iki. Sawisé pirang-pirang sasi dibangun déning Bapak Brameld lan Smith saka Manchester, Old Trafford wis bisa minangka bal-balan.
Tim inti Mu kang pisanan main ing stadhion Old Trafford-Harry Moger; George Stacey; Vince Hayes; Dick Duckworth; Charlie Roberts; Sam Blott; Billy Meredith; Harold Halse; Tom Homer; Sandy Turnbull; George Wall.[2]
Remove ads
Cathetan sikil
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads
