Opor ayam

From Wikipedia, the free encyclopedia

Opor ayam
Remove ads

Opor ayam iku masakan kang wis misuwur ing Indonésia. Opor ayam sajatiné masakan khas Jawa Tengah lan Jawa Wétan, nanging wis mratah ing laladan liya ing Indonésia. Opor ayam ya iku ayam kang di godhog lan diwènèhi bumbu kenthel saka santen ditambah bumbu-bumbu kaya ta seré, kencur, lan liya-liyané. Ing tradhisi Jawa, yèn dina riyaya racaké ana opor ayam, kupat, lan sambel goreng ati. Saliyané kanggo lawuh, opor ayam uga bisa kanggo bubur opor ayam, racaké kanggo panganan balita[1].

Sunyata Rikat Panggonan asal, Tlatah utawa praja ...
Thumb
Resep bumbu opor ayam
Remove ads

Cara nggawé

  1. Resikana iwak pitik banjur diiris-iris kanthi ukuran sedhengan[1].
  2. Parut klapa lan peres dadi santen kenthel, sisihaké[1].
  3. Uleg brambang 10, bawang 3 siyung, kemiri 5, setengah sendhok tumbar, 1/4 sendhok jinten, 1/2 sendhok merica, 1 cm laos, salam rong lembar, seré 1, setengah sendhok gula jawa, lan uyah sacukupe[1].
  4. Bumbu kang wis diuleg banjur digangsa ing minyak panas nganti kuning lan metu ambune.[1].
  5. Santen dicemplungaké, banjur iwak Pithik kang wis diiris-iris dicemplungaké[1].
  6. Entèni mateng, kira-kira sejam banjur dienthas lan diwénéhi brambang goréng. Kang pungkasan suguhna nganggo kupat utawa sega[1].
Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads