Partai pulitik

From Wikipedia, the free encyclopedia

Partai pulitik
Remove ads

Parté pulitik iku organisasi pulitik sing ngupaya kanggo nggayuh lan njaga kakuwatan pulitik sajeroning papréntahan, racaké liwat partisipasi sajeroning kampanye pamilihan (umum). Parté-parté kerep ngusung siji ideologi lan visi tartamtu, nanging bisa uga makili siji koalisi warna-warna kapentingan.

Katerangan liyané Sub-rangkaian Pulitik ...
Remove ads

Dhéfinisi

Sajeroning èlmu pulitik ana warna-warna dhéfinisi ngenani parté pulitik. Dhéfinisi kapisan luwih nandhesaké bab institusional yaiku parté minangka organisasi lan fungsiné kanggo kapentingan nasional lan kapartisanan (partisanship). Ing bukuné Thoughts on the Cause of the Present Discontent, kababar taun 1770, Edmund Burke ngrumusaké dhéfinisi parté pulitik minangka: "siji organisasi sing nyawijèkaké wong-wong kanggo kapentingan nasional, miturut prinsip mligi sing disepakati bebarengan." Ing taun 1816, Benjamin Constant ngrumusaké dhéfinisi ideologi saka parté minangka: kumpulan wong-wong sing duwé dhoktrin pulitik sing padha." Kaum Marxis migunakaké dhéfinisi sing magepokan karo aksioma sèntral doktriné (pulitik minangka perjuangan kelas): "parté pulitik yaiku organisasi saka èlemèn sing paling sadhar bab kelas sosial. Sawisé Perang Donya II, èlmuwan pulitik lan para periset luwih konsèntrasi marang babagan tèknis lan pamilihan. Miturut Anthony Downs, parté pulitik iku "siji tim sing ngupaya kontrol badan papréntahan kanthi kakuwasan sing digayuh saka pamilihan ".[1]

Remove ads

Réferènsi

Bibliografi

Deleng uga

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads