Paus Fransiskus
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Paus Fransiskus (Latin: Papa Franciscus utawi Itali: Papa Francesco; 1936-2025 ) punika Paus angka 266[1]. Kanthi makaten, panjenenganipun punika pamimpin Gréja Katulik Roma lan ugi kepala nagara saking Nagari Kitha Vatikan. Wiwit taun 1998 dumugi kapilih minangka Paus ing Konklaf Kapausan 2013 dinten kaping kalih, 13 Maret 2013[2], panjenenganipun punika Biskop Agung Buenos Aires, Argentina; lan dipunangkat minangka Kardinal nalika taun 2001 déning Paus Yohanes Paulus II. Paus Fransiskus saged wicantenan salebetipun basa Spanyol, Italia, lan Jerman kanthi fasih.[3]

Paus Fransiskus punika satunggiling imam Yésuit sepindhah lan tiyang Amérika Latin katurunan Italia sepindhah ingkang kapilih minangka Paus. Panjenenganipun ugi dados Paus non-Éropah sepindhah wiwit Paus Gregorius III saking Siria tilar donya nalika taun 741.[4]
Remove ads
Ugi pirsani
- Santo Fransiskus saking Asisi, salah satunggil pangadeg Ordo Sadhèrèk-sadhèrèk Dina (Fransiskan), ingkang kapilih dados nama regnal Paus Fransiskus.
- Santo Fransikus Xaverius, salah satunggil pangadeg ordho Sarékat Yésus
- Paus
- Paus Benediktus XVI
- Kardinal
Réferènsi
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads