Perang kembang

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Perang kembang utawa Perang bégal iku pérangan ing wayang kulit kang nggiyaraké tetandhingan ing antarané Cakil lawan satriya bambangan. Ing pakeliran Yogyakarta karan perang bégal. Ing pakeliran Sala karan perang kembang. Sawisé gara-gara, sawijing satriya-kang lagi dadi paraga baku ing lakon kuwi-tandhing karo Buta Cakil. Satriya mau bakal menang kanthi Cakil kang mati amarga kesuduk kerisé dhéwé. Ing perang tandhing iki niyaga nabuh gamelan ing sléndro pathet sanga. Sawisé bubar perang tandhing, satriya mau bakal olèh wedhar saka déwa prakara ajaran utama.

Remove ads

Ètimologi

Tembung "kembang", manut Kusumadilaga ing buku Sastra Miruda, ngrujuk marang perang kang ngandharaké patining caraka lan mung kembangan waé.[1] Déné karan perang bégal amarga lelakuné Cakil kaya wong kang lagi mbégal ing tengah dalan.

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads