Plastik

From Wikipedia, the free encyclopedia

Plastik
Remove ads

Plastik yaiku kumpulan zat organik kang stabil ing suhu biyasa. Nanging bisa malih dhapuré nganggo kalor utawa tekanan, amarga plastik iki carané nggawé plastis.[1] Plastik uga nduwéni teges bahan sintetis kang nduwéni warna-warna warna.[1] Plastik uga kena digawé jungkat, dompét, ember.[1] Plastik diasilaké saka produk polimérisasi sintetik utawa semi sintetik.[1] Plastik diwangun saka kondénsasi organik utawa penambahan polimer lan bisa uga zat liyané kanggo ngundhakaké hasil.[1]

Thumb
Plastik
Remove ads

Gendul Plastik

Ing ngisoré gendul plastik ana simbol panah telu kang mbentuk segitelu. Kang luwih wigati ora segitelu kang kasusun saka panah nanging angka cilik ing tengah-tengah utawa sanjeroné segitelu panah iku.[2] Angka-angka iku diarani sistem kodhe idéntifikasi resin kang digawé nalika taun 1988.[2] Kang nggawé sistem kodhe iki yaiku The Society of the Plastics Industry utawa kang diarani SPI.[2] Sistem kodhe resin iki nglompokaké gendul plastik kang tinemu ing limbah rumah tangga miturut kandhutan resin.[2] Sistem kodhe iki dikembangaké kanggo nyukupi kabutuhan kang nyediakaké jasa daur ulang lan menéhi konsisténsi lan kaseragaman sistem ing manufaktur plastik kang bisa dipraktékaké ing internasional.[2]

Remove ads

Daur ulang

Plastik bisa didaur ulang lan digawé barang-barang kang aji.[2] Plastik bisa dianggo nggawé kerajinan tangan lan kena uga diolah dadi barang liyané.[2]

Pranala njaba

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads