Prasasti Padang Roco
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Prasasti Padang Roco inggih punika prasasti ingkang pinanggih wonten ing taun 1911 ing tlatah kali Batanghari, komplek candhi Padangroco, nagari Siguntur, kecamatan Sitiung, kabupatèn Dharmasraya, Sumatra Kulon. Prasasti punika awujud alas arca Amoghapāśa ingkang sekawan sisinipun wonten manuskrip. Prasasti punika dipuntugel dados sekawan lantun kanthi seratan aksara Jawa Kuna, saha ngginakaken kalih basa, inggih punika (Melayu Kuna saha Sanskerta). Prasasti punika sapunika dipunsimpen wonten ing Museum Nasional Indonésia ing Jakarta kanthi nomer inventaris D.198-6468 (pérangan alas utawi prasasti) saha D.198-6469 (pérangan arca).[1]
Remove ads
Asal-usul
Prasasti punika gadhah angka 1208 Saka utawi 1286 Masehi, dipunserataken wonten ing arca Amoghapāśa bebungah saking śrī mahārājādhirāja keṛtanagara wikrama ingkang nyariosaken manawi wonten ing 1208 Saka, prasasti dipundamel ing jamanipun Prabu Kertanagara Raja Singhasari kanthi dhawuhipun Prabu Kertanagara saking Singhasari arca Amoghapasalokeswara dipunpindahkaken saking Bhumijawa wonten ing Swarnabhumin kanggé dipuntetepaken ing Dharmasraya. Kanthi raos bahagéya warga Swarnabhumi nampi arca punika, kang utami Raja Tribhuwanaraja Mauliwarmmadewa.[2]
Remove ads
Isi Prasasti
Isi prasasti punika sampun dipunsalin basa déning Prof. Slamet Muljana, isinipun inggih punika:
- Bahagéya ! wonten ing taun Saka 1208, wulan Badrawada, dinten sepindha wulan minggah, dinten Mawulu wagé, dinten kemis, wuku Madakungan, mapan ratu lintang ing kulon...
- ....sapunika arca paduka Amoghapāśa lokeśwara kanthi sekawan welas pangikut sarta pitu ratna permata dipunbekta saking bhūmi jāwa wonten ing swarnnabhūmi, supados dipuntetepaken ing dharmmāśraya,
- minangka bebungah śrī wiśwarūpa kumāra, kanthi ancas punika pāduka śrī mahārājādhirāja kṛtanagara wikrama dharmmottunggadewa dhawuhi rakryān mahā-mantri dyah adwayabrahma, rakryān śirīkan dyah sugatabrahma saha
- samagat payānan hań dīpankaradāsa, rakryān damun pu wīra kanggé ngintunaken pāduka Amoghapāśa. Mugi bebungah punika ndamel warga ing bhūmi mālayu bahagéya, ugi kalebu brāhmaṇa, ksatrya, waiśa, sūdra, kang utami kanggé para āryya, śrī mahārāja śrīmat tribhuwanarāja mauliwarmmadewa.[1]
Remove ads
Rujukan
Uga delengen
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads