Prasasti Plumpungan

prasasti ing Salatiga, Jawa Tengah, Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia

Prasasti Plumpungan
Remove ads

Prasasti Plumpungan utawa Prasasti Hampran ya iku prasasti kang manggon ing Dukuh Plumpungan, Kelurahan Kauman Kidul, Kecamatan Sidareja, Kutha Salatiga, Provinsi Jawa Tengah, kang migunakaké basa Sansekerta lan Basa Kawi[butuh sitiran]. Prasasti punika dipunserat ngginakaken tatah petak "persegi" papat wonten garis ganda ingkang njorok mlebet lan medal wonten ing sudutipun. Prasasti iki dadi pratandha mula bukané tlatah Salatiga.[1] Prasasti iki mèngeti sajarah bab asal-usulé kutha Salatiga, ya iku saka critané Ki Ageng Pamanahan.[2] Prasasti Plumpungan iku dadi “ikon” Kutha Salatiga.[1] Prasasti iki ditulis déning sawijining Citraleka utawa saiki kerep diarani pujangga utawa panulis.[3] Saliyané Citraleka ya ana Pandhita utawa Resi ya ana sing mèlu ngréwangi nalika nggawé Prasasti Plumpungan.[3] Ditulis mawa basa Jawa Kuna.[3]

Thumb
Prasasti Plumpungan.
Thumb
Prasasti Plumpungan.
Thumb
Musiyumm Salatiga.
Remove ads

Alihaksara

  1. //Srir = astu swasti prajabyah sakakalatita 672/4/31/..(..)[4]
  2. Jnaddyaham //O//[4]
  3. //dharmmartham ksetradanam yad = udayajananam yo dadatisabhaktya[4]
  4. hampragramam triaramyamahitam = anumatam siddhadewyasca tasyah[4]
  5. kosamragrawalekhaksarawidhiwidhitam prantasimawidhanam[4]
  6. tasyaitad = bhanunamno bhuwi bhatu yaso jiwitamcatwa nityam[4]

Jarwan

  1. Muga-muga ing kabagyan! Rahayu rakyat sakabèhé! Taun Saka wis lumaku 672/4/31 (24 Juli 760 M) ing dina Jumat[4]
  2. tengah dina[4]
  3. Saka panjenengané, dhumateng agama kanggo bekti mring Maha Inggil, wus anugrahaké lemah utawa taman, supaya mènèhi kabagyan marang wong-wong iku[4]
  4. ya iku désa Hampra sing manggon ing tlatah Trigramyama (Salatiga) kanthi pasetujon saka Siddhdewi (Sang Dewi sing Sampurna utawa Mendhiang) wujud tlatah perdhikan[4]
  5. katetepaké kanthi tulisan aksara utawa prasastri sing tinulis migunakaké pucuking palem.[4]
  6. saka panjenengané sing ajejuluk Bhanu. (lan wong-wong iku) kanthi wangunan suci utawa candhi iki. Tansah nemoni urip salawasé[4]
Remove ads

Pertalan

Sejarawan sing bisa nerjemahaké tulisan kanthi jangkep ya iku ahli épigraf Dr. J.G. de Casparis.[5] Banjur dijangkepi manèh karo Prof. Dr. R.Ng. Poerbatjaraka.[1] Saka tulisan iku pramila didadèkaké tanggal 24 Juli iku minangka Dina Miyosé Kutha Salatiga lan dipèngeti saben taun.[6][7][8][9][10][11][12][13][14]

Rujukan

Kapustakan

Pranala jaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads