Protista

From Wikipedia, the free encyclopedia

Protista
Remove ads

Protista iku organisme kang duwé sipat madan padha karo jamur, tuwuhan, lan kéwan.[1]

Sunyata Rikat Klasifikasi ngèlmiah, Fila ...
Remove ads

Ciri-ciri Protista

  • sifaté Eukariotik[2]
  • Respirasi aérobik[2]
  • akèh-akéhé sifaté unisélulér. Protista multisélulér duwé awak kang sedherhana[2]
  • Sapérangan Protista urip bébas, nanging ana uga kang simbiosis karo organisme liya.[2]
  • Akéh-akéhé protista urip ing banyu yaiku urip ing laut utawa ing kolam, tlaga, kali lan liya-liyané.[2]

Lumrahé Protista olih panganan nganggo cara iki:

  • fotoautotrof yaiku bisa gawé senyawa organik kompleks lan molekul anorganik sedherhana nganggo énergi cahya.[2]
  • heterotrof yaiku protista kang ora bisa ngganti molekul anorganik dadi organisme organik dadi butuh panganan organik saka lingkungané, carané mangan organisme liya contoné Rhizopoda lan Oomycota[2]

Protista dikelompokaké miturut meh padha karo organisme apa umpamané Protista mirib jamur yaiku jamur lendhir lan jamur banyu. Protista kang meh padha karo kéwan iku Protozoa, lan protista kang meh padha karo tuwuhan kang dijenengi alga utawa ganggang.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads