Pulo Sawu
pulo ing Indonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Pulo Sawu inggih punika salah satunggaling pulo ing Indonésia ingkang mapan ing sisih kidul Laut Sawu, ing sisih wétan Pulo Sumba lan ing sisih kulon Pulo Rote.[1] Pulo Sawu kalebet wewengkon Kabupatèn Sabu Raijua, Provinsi Nusa Tenggara Timur, Indonésia.[1] Ambanipun Pulo Sawu inggih punika kirang langkung 414 km².[2]


Pulo Sawu ugi kasebat Pulo Sabu. Déné masarakat Pulo Sawu piyambak, nyebat pulo punika Rai Hawu (pulau Hawu).[3] Pulo Sawu gadhah dawanipun 160 mil kanthi amabanipun 414 km2. Ing sakitering pulo Sawu ugi wonten pulo-pulo sanèsipun kados ta Raijua kanthi tebihipun 14 mil persegi, kanthi ambanipun 36 km2, saha pulo sanèsipun ingkang mapan wonten ing jarak 100 mil utawi udakawis 160 km ing sisih kulon saking Pulo Timor.[4]
Remove ads
Géografi
Pulo Sawu (Sabu) kapérang dados 5 kacamatan, inggih punika:
- Kacamatan Hawu Mehara
- Kacamatan Sabu Liae
- Kacamatan Sabu Timur
- Kacamatan Sabu Barat
- Kacamatan Sabu Tengah
Pulo-pulo ing sakiteripun
Pulo ing sakitering pulo Sawu (pulau Sabu) ing antawisipun:
- Pulo Raijua
- Pulo Rote
- Pulo Sumba
Pendhudhuk
Ing pulo Sawu punika saperangn ageng pendhudhukipun gadhah pangupajiwa dados tani. Glepung jagung saha kapuk inggih minangka asiling produk ingkang paling wigati. Lan ugi wonten tuwuhan sanès kados ta kacang ingkang saben urip ing wekdal ingkang dangu. Kathah jinising woh-wohan saha janganan ingkang saged urip wonten ing pulo punika. Ingkang kathah dipunexpor déning masarakat ing pulo Sawu pnika ingih kopra saha iwak-iwakan. Agami ingkang kathah dados kapitadosanoipun sapérangan ageng warga ing Pulo Sawu inggih punika agami Islam. Seba lan Baah inggih punika kitha ingkang wigati ingkang mapan wonten ing Pulo Sawu. Kalih kitha wau dipungayutaken kanthi margi-margi ingkang sampun dipunyasa. Déné transportasi dhateng pulo Sawu punika inggih kanthi kapal boat.
Sanes-sanèsipun
- Ing Pulo Sawu wonten Papan Anggegana Tardamu
- Gadhah pasisir Boddo ingkang éndah
- Gadhah Kolam alam Menia
- Adat Suku Sabu ingkang taksih kenthel lan nengenaken budayanipun ing Désa Jiwuwu, Peddaro, Kudjiratu, Eimadake, Lobohede, Loboadju, Tanahhawu, Bolou, Seba, Liae, Limaggu lan taksih kathah sanèsipun.
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads