Putri Patricia
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Raden Putri Patricia Ayu Dewayani Widjaya Wardani utawa kang kondhang kanthi jeneng Putri Patricia (lair ing Jakarta, 24 Mèi 1980; umur 45 taun).[1] Putri Patricia iku salah sijiné pemeran filem kang asalé saka Indonesia.[2] Putri Patricia iku anak wuragil saka sadulur kang cacahé loro.[2] Putri Patricia iku anak saka pasangan Raden Wisnu Widjaya lan Virginie Aryanie.[2] Putri Patricia miwiti karir ing donyaning hiburan wiwit taun 1995.[2] Jenengé dadi misuwur lumantar sinétron Dewi Fortuna.[2] Sadurungé main ing sinétron Dewi Fortuna, Putri Patricia tau main ing sinétron kang juhdhulé Pondok Indah 2.[2] Saliyané iku, Putri Patricia uga duwé karir ing donyaning modeling.[2] Sinetron-sinétron liyané kang tau dibintangi Putri Patricia ya iku sinétron kang judhulé Tersanjung 6, Culunnya Pacarku, Aku Bukan Untukmu, Kau Masih Kekasihku, Rahasia Pelangi, Pintu Hidayah, lan Sebatas Aku Mampu.[2] Ora mung akting ing sinétron nanging Putri Patricia uga akting ing layar lebar.[2] Putri Patricia akting ing filem kang judhulé Roh garapan sutradara Atok Suharto.[2] Ing filem oiki, Purtri Patricia dadi bintang utama.[2] Film Roh iki sabeneré filem asil daur ulang saka filem kang judhulé padha.[2] Sadurungé, filem iki diprodhuksi PT Andalas Kencana Film, kanthi sutradara Susilo SWD lan dibintangi Sally Marcelina, nalika taun 1989.[2]
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads