Elizabeth I saking Inggris

From Wikipedia, the free encyclopedia

Elizabeth I saking Inggris
Remove ads

Elizabeth I (miyos ing Greenwich, Inggris 7 September 1533 – tilar donya ing Richmond, Inggris, 24 Maret 1603 nalika yuswanipun 69 taun) inggih punika ratu Inggris lan Irlandia wiwit 17 November 1558 ngantos dumugi panjenenganipun tilar donya.[1] Panjenenganipun asring pikantuk sesebatan Virgin Queen (amargi dèrèng naté palakrami), sesebatan ingkang sanès inggih punika Gloriana, Good Queen Bess, lan Faere Queene.[1]

Sunyata Rikat Panjenengan, Pamakuthan ...

Elizabeth I inggih punika panguwaos monarki kaping nem lan ingkang pungkasan saking dinasti Tudor.[1] Ingkang ibu, Anne Boleyn tilar donya amargi dipunukum pejah amargi dipunpitenah sampun khianat dhateng raja.[1]

Ing taun 1558 sadhèrèk tirinipun, Mary ingkang agamanipun Katulik Roma ngukum Elizabeth I kanthi dipunlebetaken dhateng pakunjaran amargi Elizabeth I dipunpitados ndhèrèk pambrontakan Protèstan.[1]

Ngantos dumugi sapunika, wonten ing sajarah Inggris, Ratu Elizabeth I sampun limrah dipunmangertosi dados ratu ingkang misuwur.[2] Sekawan dasa gangsal taun, panjenenganipun dados tetunggulipun Inggris.[2] Wekdal punika Inggris dados nagari ingkang makmur, gemar ripah loh jinawi, ékonomi majeng, kasusastran majeng, lan Inggris dados panguwaos samodra ingkang nomer satunggal ing jagad punika.[2] Mataun-taun Elizabeth tansah mbudidaya yasa Angkatan Laut Inggris.[2] Ing wekdal punika Raja Phillip II saking Spanyol nyobi yasa Angkatan Laut Spanyol supados saged nyaingi Angkatan Laut Inggris.[2] Taun 1588, Angkatan Laut Inggris kaliyan Angkatan Laut Spanyol perang.[2] Wonten ing perang punika, Inggris saged ngalahaken Spanyol.[2]

Sawetawis panyerat karya sastra ingkang misuwur saking Inggris, kalebet William Shakespeare, gesang ing jamanipun Ratu Elizabeth I.[2]

Remove ads

Cathetan suku

Pranala njawi

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads