Reply 1988

seri drama saka Korea Kidul From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Reply 1988 (Hangeul: 응답하라 1988; RR: Eungdabhara 1988) ya iku salah sawijining séri tivi utawa drama saka Koréa Kidul taun 2015 kang diprodhuksi déning stasiun tivi tvN. Reply 1988 diparagakaké déning Ryu Jun-yeol, Lee Hyeri, Park Bo-gum, Go Kyung-pyo, lan Lee Dong-hwi.[1] Drama iki nyaritakaké babagan kulawarga saben paraga kang wiwit cilik wis dadi kanca cedhak ing kampung Ssangmundong, Dobong-gu, Seoul, Koréa Kidul. Drama Reply 1988 iki kalebu drama saka telung drama séri Reply kang diprodhuseri déning Shin Won-ho, ya iku Reply 1997 (2012), Reply 1994 (2013), lan Reply 1988 (2015).[2]

Sunyata Rikat Jeneng liya, Genre ...
Remove ads

Ringkesan

Reply 1988 nyaritakaké babagan kulawarga kang urip ana ing sakampung lan wis cedhak kaya kulawarga dhéwé kawit anak-anaké cilik. Latar wektu ing drama iki nalika taun 1988. Kawit cilik, bocah-bocah saka kulawarga kang umuré sepantaran wis cedhak lan dolan bebarengan. Bocah-bocah kuwi mau, ya iku Deok Sun, Jung Hwan, Dong Ryong, lan Sun Woo. Nalika kuwi, Choi Taek lan bapaké durung pindah menyang Ssangmundong, banjur sawisé Choi Taek teka ana Ssangmundong, dhèwèké padha dolan bebarengan cah lima. Cah lima kuwi mau sapantaran. Deok Sun, Jung Hwan, Dong Ryong, lan Sun Woo dicaritakaké dadi murid SMA Ssangmun lan Choi Taek ora nerusaké sekolah amarga wis dadi pemain baduk internasional. Ing Reply 1988, Sung Deok-sun dicritakaké dadi anak keloro saka kulawarga kang mlarat lan omahé ana ing ngisor omah kulawarga Kim. Kulawarga Sung mlarat amarga bapaké Sung Deok-sun dadi wong kang kudu tanggung jawab marang utangé kancana ing bank. Kuwalikan karo kulawarga Sung, kulawarga Kim Jung-hwan dadi kulawarga kang sugih amarga kakangé, Jung Bong menang lotré. Saliyané kuwi, ana Sun Woo kang dicaritakaké dadi murid kang sregep lan dadi ketua kelas ing SMA Ssangmun. Sun Woo dicaritakaké yèn bapaké wis séda lan mung urip karo ibuké lan adiké kang isih cilik jenengé Jin Joo. Dong Ryong dicaritakaké dadi anak kepala sekolah SMA Ssangmun kang senengané turu ing papan sinau. Saliyané kuwi, uga ana Choi Taek kang dicaritakaké pindah menyang Ssangmundong nalika ibuké wis séda lan ketemu kanca-kanca liyané ing Ssangmundong. Choi Taek kuwi wong kang menengan lan manut marang bapaké. Choi Taek dicaritakaké wis ora nerusaké sekolah amarga dhèwèké fokus dadi pemain baduk internasional kang kerep mèlu lomba ing ngendi-ngendi, kaya ta nagara Jepang lan Cina.[3][4]

Sung Deok-sun kang diparagakaké déning idola K-pop, Lee Hye-ri kuwi dadi siji-sijiné bocah wadon, dicritakaké dadi bocah kang ora pinter lan mesthi olèh rangking 900 munggah ing sekolah.[5] Nanging, Deok-sun duwé sipat kang béda karo mbaké, Sung Bo-ra. Deok-sun duwé sipat sumèh lan grapyak marang sapa waé. Yèn Bo-ra dicritakaké dadi wong kang duwé sipat galak. Ing drama, Deok-sun diramalké yèn ora bisa lumebu kuliah ing kampus-kampus Koréa Kidul lan peramal kuwi mau kandha yèn Deok-sun kudu ganti jeneng dadi Soo-yeon. Drama Reply 1988 ora mung nyaritakaké babagan kekancan wong lima kuwi mau, nanging uga nyaritakaké babagan kulawarga lan perkara-perkarané kang ana sesambungané karo urip ing donya.[3]

Remove ads

Paraga

Paraga utama

Paraga utama drama Reply 1988 ya iku wong lima kang wis kekancan wiwit cilik ing kampung Ssangmundong.[6]

  • Lee Hye-ri minangka Sung Deok-sun utawa Sung Soo-yeon
  • Ryu Jun-yeol minangka Kim Jung-hwan utawa Jung Pal
  • Park Bo-gum minangka Choi Taek
  • Go Kyung-po minangka Sung Sun-woo
  • Lee Dong-hwi minangka Yoo Dong-ryong

Paraga pambiyantu

Kulawarga Sung Deok-sun[6]

  • Sung Dong-il minangka Sung Dong-il, bapaké Sung Deok-sun
  • Lee Il-hwa minangka Lee Il-hwa, ibuké Sung Deok-sun
  • Ryu Hye-young minangka Sung Bo-ra, mbaké Sung Deok-sun
  • Choi Sung-won minangka Sung No-eul, adiké Sung Deok-sun

Kulawarga Kim Jung-hwan[6]

  • Kim Sung-kyun minangka Kim Sung-kyun, bapaké Kim Jung-hwan
  • Ra Mi-ran minangka Ra Mi-ran, ibuké Kim Jung-hwan
  • Ahn Jae-hong minanga Kim Jung-bong, masé Kim Jung-hwan

Kulawarga Sun Woo[6]

  • Kim Sun-young minangka Kim Sun-young, ibuké Sun Woo
  • Kim Sul minangka Jin Joo, adiké Sun Woo

Tangga cedhak[6]

  • Choi Moo-sung minangka Choi Moo-sung, bapaké Choi Taek
  • Yoo Jae-myung minangka Yoo Jae-myung, bapaké Dong Ryong
Remove ads

Rating

Katerangan liyané Ep., Wektu siar ...

Galéri

Rujukan

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads