Rhizopoda

From Wikipedia, the free encyclopedia

Rhizopoda
Remove ads

Rhizopoda ya iku jinis saka 4 kelas protozoa.[1] Tembung Rhizopoda asalé saka tembung rhizo kang artiné oyot lan podos kang artiné sikil. Rhizopoda duwé membran plasma kang flèksibel lang bisa dadi amba, mbentuk pseudopodia (sikil semu) kang digunaaké kanggo obah lan nggolèk pangan.[1]

Thumb
Die Radiolarien (Rhizopoda radiata)-Ernst Haeckel-Tafel 35
Remove ads

Ciri-ciri

Ciri-ciri rhizopoda ya iku:

  1. Rhizopoda manak kanthi cara vegetatif kanthi nyigar awak.
  2. Lumrahé uripé ing banyu anta lan banyu laut.
  3. Pakanané dijupuk kanthi cara fagosit.
  4. Rhizopoda duwé sikil semu kang fungsiné kanggo piranti obah lan nyekel mangsa. Sikil semu minangka julurané sabagian protoplasma.
  5. Obahé karan obah amoeboid.
  6. Ing njero endoplasma ana siji utawa luwih inti sel, vakuola makanan dan vakuola kontraktil. Vakuola kontraktil diduwèni déning kabèh rhizopoda banyu anta.
  7. Vakuola makanan fungsiné kanggo nyerna panganqan, minangka vakuola kontraktll fungsiné kanggo piranti ekskresi.
  8. Vakuola kontraktil uga nduwé fungsi kanggo njaga keseimbangan osmosis sel saéngga nyegah pengembangan kang bisa ndadèake rhizopoda pecah.
  9. Ambegané kanthi cara difusi nganggo kabèh lumah awake.[2]
Remove ads

Cathetan sikil

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads