Ruhollah Khomeini
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sayyid Ayatollah Ruhollah Khomeini (lair ing Khomein, Provinsi Markazi, 24 Sèptèmber 1902 – pati ing Teheran, Iran, 3 Juni 1989 ing umur 86 taun) iku tokoh Révolusi Iran lan wujud Pamimpin Agung Iran pisanan. Lair ing Khomeyn, Iran. Panjenengané sinau teologi ing Arak lan banjur ing kutha suci Qom, ing ngendi panjenengané njupuk papan manggon netep lan wiwit yasa dhasar pulitik kanggo nglawan kulawarga karajan Iran, mligi Shah Mohammed Reza Pahlavi. Uji utama pisanané – lan rasa pulitik pisanan kang sabeneré – teka taun 1962 nalika papréntahan Shah kasil olèh RUU kang ngesokaké sapérangan kakuwasaan marang dhéwan provinsi lan kutha. Sapérangan pengikut Islam kabotan marang perwakilan kang lagi dipilih lan ora diwajibaké sumpah marang al-Qur'an nanging ing saben tèks suci kang dipilih. Khomeini migunakaké kanepson iki lan ngatur pamogokan ing saindhenging nagara kang njalari panolakan marang RUU iku.
Khomeini migunakaké posisi kang kuwat iki kanggo medharaké khotbah saka Faiziyveh School kang ndakwa nagara kolusi karo Israèl lan nyoba "ndhiskreditaké al-Qur-an." Panyekelané kang ora kaéndhani déning pulisi rahasia Iran, SAVAK, mancing karusuhan gedhèn lan réaksi kakerasan kang biyasa déning pihak kaamanan kang njalari patining èwonan wong.
Khomeini terus susah suwéné taun-taun sabanjuré lan nalika pèngetan pisanan karusuhan wadyabala Shah lumaku nuju kutha Qom, nahan Imam sadurungé dikirim menyang pambuangan ing Turki. Panjenengané manggon sedhéla ing kana sadurungé pindhah menyang Irak ing ngendi nerusaké pagolakan kanggo ambruké rézim Shah. Taun 1978 papréntahan Shah njaluk Irak kanggo ngusir panjenengané saka Najaf, banjur panjenengané nuju Paris, sauntara iku profilé ngrembaka minangka refleksi langsung lèngsèré Shah.
Khomeini tilar donya ing Teheran tanggal 3 Juni 1989.
Remove ads
Pranala njaba
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Ruhollah Khomeini. |
- Video Imam Khomeini Archived 2007-11-02 at the Wayback Machine.
- Biografi di www.giles.34sp.com Archived 2005-10-18 at the Wayback Machine.
- Khomeini.com
- Pidato Khomeini
- 1979 TIME Man of the Year
- Imam Khomeini giving advice to Saddam - Eng sub
Didhisiki déning: - | Pamimpin Agung Iran | Digantèkaké déning: Ayatollah Ali Khamenei |
Remove ads
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads