Iran

From Wikipedia, the free encyclopedia

Iran
Remove ads

Iran (utawa Pèrsi) (basa Pèrsi: ایران) iku nagara Wétan Tengah sing papané ing Asia kidul-kulon. Sanadyan ing njero negri nagara iki wis ditepungi minangka Iran wiwit jaman kuna, tekan taun 1935 Iran isih diarani Pèrsi ing donya Kulon. Ing taun 1959, Mohammad Reza Shah Pahlavi ngetokaké wara-wara yèn kaloro istilah mau éntuk dipigunakaké. Jeneng Iran iku kognat tetembungan "Arya" sing ateges "Tanah Bangsa Arya".

Sunyata Rikat Républik Islam IranIslamic Republic of Iran جمهوری اسلامی ايرانJomhūrī-ye Eslāmī-ye Īrān, Kuthagaralan Kutha paling gedhé ...

Iran wewatesan karo Azerbaijan (500 km) lan Armenia (35 km) ing lor-kulon lan Laut Kaspia ing lor, Turkmenistan (1000 km) ing lor-wétan, Pakistan (909 km) lan Afganistan (936 km) ing wétan, Turki (500 km) lan Irak (1.458 km) ing kulan, lan perairan Lempongan Pèrsi lan Lempongan Oman ing kidul.

Ing taun 1979, siji Révolusi Iran sing kabawah Ayatollah Khomeini ngedegaké siji Républik Islam teokratis saéngga jeneng jangkepé Iran saiki yaiku Républik Islam Iran (جمهوری اسلامی ایران).

Kutha krajan Iran yaiku Teheran. Nagara iki sing ndunungi kurang luwih 60 yuta jiwa lan jembaré ana... km².

Remove ads

Pamérangan administrasi

Thumb
wilyah-wewengkon Iran miturut nomer-nomer ing sisih kiri

Iran kapérang dadi telung puluh provinsi sing dipréntah siji gubernur (استاندار, ostāndār). Peta ing gambar ora nuduhaké provinsi Hormozgan, (#20 ing njeron pratélan) sing wujud siji pulo:

1.Tehran
2.Qom
3.Markazi
4.Qazvin
5.Gīlān
6.Ardabil
7.Zanjan
8.Azarbaijan Wétan
9.Azarbaijan Kulon
10.Kurdistan
11.Hamadān
12.Kermanshah
13.Īlām
14.Lorestān
15.Khūzestān
16.Chaharmahal lan Bakhtiari
17.Kohgiluyeh lan Boyer-Ahmad
18.Bushehr
19.Fārs
20.Hormozgān
21.Sistan lan Baluchestan
22.Kermān
23.Yazd
24.Isfahan
25.Semnān
26.Māzandarān
27.Golestān
28.Khorasan Lor
29.Razavi Khorasan
30.Khorasan Kidul
Remove ads

Rujukan

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads