St. Petersburg

From Wikipedia, the free encyclopedia

St. Petersburgmap
Remove ads

St. Petersburg (Ngenani wuni iki rungokna  (basa Ruslan: Санкт-Петербу́рг Sankt-Peterbúrg, antara taun 1914-24 karan Petrograd, antara taun 1924-91 karan Leningrad) iku kutha ing Ruslan.

Sunyata Rikat Saint Petersburg (ing basa Inggris) Санкт-Петербург Sankt-Peterbúrg (ing basa Ruslan), Coat of Arms ...

St. Petersburg saiki dadi pusat papréntahan kawasan Leningrad, sanadyan statusé minangka sawijining kutha fédheral. Kutha iki minangka kutha plabuhan ing pinggir Kali Neva lan Lempongan Finskiy. Sing ndunungi ana 4.661.219 jiwa (2002). Ing tapel wates kutha ana punjul 40 kali lan kurang luwih 20 terusan banyu.

St. Petersburg iku pusat indhustri wigati, èlmu, budaya lan duwé prusahaan kang gawé mesin, indhustri wesi waja, kimia, indhustri ènthèng lan bahan panganan. Kutha iki wis duwé sistem sepur ngisor lemah (metro) wiwit taun 1955.

Pusat kuthané minangka Situs Warisan Donya UNESCO.

Remove ads

Sajarah

St. Petersburg diadegaké déning Peter Agung ing taun 1703. Taun 1712-28 lan 1732-1918 dadi kutha krajan Ruslan. Panggonan pecahé revolusi Fèbruari lan Revolusi Oktober 1917. Wektu Perang Donya II kutha iki dikepung déning wadyabala Jerman sajeroning 900 dina (1941-44), nanging ora tau nyerah.

Panggonan

Akèh institut panyelidikan ilmiah dumunung ing St. Petersburg, kalebu cabang Akademi Ilmu Ruslan, 43 perguruan tinggi antarané Universitas Nagara St. Petersburg, 16 teater (Mariinskiy, Teater Opera lan Balet, Teater Drama Gedhé), Perpustakaan Nasional Ruslan (ana sawatara manuskrip Melayu kalebu Sajarah Melayu kang digawa déning Laksamana I. F. Kruzenshtern ing pelayarané taun 1798), 47 musiyum: kang paling misuwur Hermitage kang sugih kolèksi lukisan, reca, permadani lsp. saka saidenging donya, Russky Muzey (Museum seni lukis Ruslan), Museum antropologi lan ètnologi (biyèn Kunstkammer) kanthi kolèksi étnografi Indonésia, Museum Memorial Pushkin.

Saliyané iku, ana akèh panggonan nyengsemaké paninggalan jaman biyèn, antarané Reca Peter Agung (1782), Pura Mangsa Salju (1754-62), Bèntèng Petropalovskaya (1703), Taman Mangsa Panas, Gréja Isaakiy (1818-58). Dianugerahi gelar Kutha Pahlawan (1945). Ora adoh saka St. Petersburg dumunung kutha Petrodvorets kanthi Pura tsar lan taman kang kebak pancuran banyu.

Katerangan liyané Lagu Kabangsan ...
Remove ads

Pranala njaba


Katerangan liyané Pamérangan Administratif Rusia, Subyek Federal Rusia ...
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads