Sam Worthington
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Samuel Henry J. "Sam" Worthington (lair ing Godalming, Surrey, Inggris, 2 Agustus 1976; umur 49 taun) dhèwèké aktor kang asalé saka Australia, sadurungé mbintangi Avatar, Sam uga tau main ing filem Terminator Salvation, Dhèwèké iku aktor saka Australia kang lairé ing Inggris.[1] Sam tau nyinaoni babagan kagunan ing John Curtis College, sing pungkasané mandheg nalika umuré 17 taun.[1] Dhèwèké metu amarga kudu nyambut gawé kanggo mbiayai uripé dhéwé.[1]
Ing umur 19 taun dhèwèké mèlu audisi supaya bisa olèh béasiswa ning NIDA (National Institute of Dramatic Art) kang wekasané agawé dhèwèké bisa terjun ing kariré, ya iku donya hiburan.[1] Sawisé lulus saka pendhidhikané ing National Institute of Dramatic Art, Sam Worthington wiwit tampil ing serial-serial tivi lan [[filem-filem cilikan.[1] Film-filem mau kaya ta THE JUDAS KISS, DIRTY DEEDS, GETTIN' SQUARE, lan filem liyané.[1]
Karir internsionalé diwiwiti nalika dhèwèké olèh peran figuran ing filem kang judhulé HART'S WAR, TERMINATOR SALVATION (meranaké Marcus Wright)lan THE GREAT RAID.[2] Ing taun 2010 Sam uga tau mèlu audisi supaya bisa meranaké aktor lègendharis, James Bond ing filem CASINO ROYALE.[1] Wis diprediksikaké manawa Sam Worthington sing dadi James Bond, nggantèkaké Daniel Craig.[2]
Jenengé wiwit kondhang nalika dhèwèké dadi pemeran ing filem kang sutradarani déning James Cameron.[1] James Cameron mènèhi kasempatan kanggo Sam Worthington supaya mainaké peran dadi Jake Sully ing filem sains fiksi kang judhulé AVATAR.[1] Ing filem mau, Sam meranaké bala angkatan laut Amérika kang diwènèhi kawajibané ngontrol awaké makluk asing saka planit njaba (alien) kang dijenengi avatar.[1]
Ora akèh kisah ing kauripan Sam Worthington kang ditampilaké ning médhia.[1] Nanging nalika sasi Dhésèmber taun 2009, Sam ngenalaké pepujaning atiné, kang jenengé Natalie Mark marang masarakat nalika pamutaran kaping pisan filem AVATAR ning biyoskup Odeon Leicester Square London, Inggris.[1]
Remove ads
Filmografi
Sutradara
Penulis
Video Game
Remove ads
Cathetan suku
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads