Sang Pemimpi (filem)
filem Indhonésia From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sang Pemimpi ya iku filem Indonesia taun 2009 , kang diadhaptasi saka tetralogi novèl Laskar Pelangi kapindho, Sang Pemimpi, karya Andrea Hirata. Filem iki katuntun déning Riri Riza karo prodhuser Mira Lesmana. Gambar dijupuk rencana ing Belitung (Belitong, basa lokal) ing tanggal 1 Juli 2009 lan wis dijadwal kanggo rampung ing 21 Agustus 2009, lan bakal dilakokaké ing pirang-pirang lokasi ing Manggar, Tanjung Pandan, Jakarta, lan Bogor.[1] Filem iki bakal ditayangaké ing bioskop Indonésia wiwit 17 Dhésèmbér, 2009.[2][3]
Sang Pemimpi bakal dadi filem pambuka ing Jakarta International Film Festival (JiFFest) 2009 ing 4 Dhésèmbér 2009, lan dadi filem Indonesia kang dadi pambuka wiwit JiFFest pisanan ing taun 1999.[4][5] Sang Pemimpi ya iku filem Indonesia paling laris kapindho ing taun 2009 lan penontoné ngancik 1.9 Yuta wong.
Remove ads
Lelakon
Sang Pemimpi ya iku tutugan saka Laskar Pelangi. Filem iki ngandhani bab Ikal lan seduluré, Arai, uga kanca cedhaké, Jimbron, ing umur remaja, lan nyaritakaké bab cah enom kang golèki identitas lan seksualitas ing umur 17 taun.
Ikal isih kangen cinta pertamané kang wis lunga saka Belitung, ninggalaké kenangan lan kothak kalèng kang gambaré menara Eiffel. Arai, playboy kang nduwèni gaya Melayu, tresna karo kanca sakelasé, Zakiah Nurmala. Sauntara iku, Jimbron nduwèni pangangen-angen kanggo nyelametaké Laksmi, cah wadon enom kang makarya ing pabrik cincau. Bebarengan, wong telu iku ngadhepi masalah. [6]
Remove ads
Paraga
Sang Pemimpi diperanaké déning sawatara artis kondhang uga minangka artis filem anyar asli Belitung. Sawetara saka paraga filem Laskar Pelangi kang dipertahanké kanggo mèlu ing film iki. Vikri Setiawan, Ahmad Syaifullah, Azwir Fitrianto, Sandy Pranatha, lan Zulfanny ya iku paraga asli Belitung.
- Vikri Setiawan minangka Ikal enom.
- Lukman Sardi minangka Ikal diwasa (uga ing Laskar Pelangi).
- Zulfanny meranaké Ikal cilik (uga ing Laskar Pelangi)
- Rendy Ahmad minangka Arai enom. Arai iku sedulur adoh saka Ikal kang ditinggal seda karo wong tuwané lan banjur diangkat anak déning wong tuwané Ikal. Kanggo Ikal, Arai iku pahlawané.
- Nazriel Ilham (Ariel "NOAH") minangka Arai diwasa. Mira Lesmana nyatakaké yèn Ariel NOAH minangka Arai dipilih liwat prosès casting, ora amarga saka sawijining popularitas.[7]
- Sandy Pranatha minangka Arai cilik.
- Azwir Fitrianto minangka Jimbron enom.
- Mathias Muchus minangka Seman Ngandika Harun, Bapaké Ikal (uga ing Laskar Pelangi).
- Rieke Diah Pitaloka minangka Ibuné Ikal (uga ing Laskar Pelangi).
- Nugie minangka Pak Balia, guru enom pangajar sastra kang inspiratif lan nduwèni semangat, kang mènèhi inspirasi Ikal lan Arai kanggo ngimpi kuliah ing Perancis. Nugie ngendika yèn supaya tampil maksimal ing filem iki, dhèwèké sinau dadi wong culun, nganggo klambi lusuh, lan celanané ing ndhuwur weteng. Dhèwèké uga wis sinau dialèk Belitong nganggo cara ngrungokaké rekaman saka omongané wong Belitong. Film iki dianggep minangka batu loncatan.[8]
- Landung Simatupang minangka Pak Mustar, kepala sekolah kang galak.
- Maudy Ayunda minangka Zakiah Nurmala, bocah wadon Melayu ayu kang disenengi Arai.
- Yayu Unru minangka Bang Rokib, pelaut Melayu kang berpengalaman.
- Jay Wijayanto minangka Bang Zaitun, musisi saka Melayu lokal kang pinter bab katresnan.
Remove ads
Prodhuksi
Miturut prodhuser saka Sang Pemimpi, Mira Lesmana, nggawé film iki ngentèkaké dana watara Rp 12 milyar, luwih gedhé saka Laskar Pelangi , kang ngentekaké dana watara Rp 8-9 milyar.[9]
Ing Novèmbér 2009, sutradhara Riri Riza lan tim ngarampungaké mixing ing studio ing Bangkok, Thailand.[10]
Andrea Hirata nyatakaké yèn miturut dhèwèké pribadhi, filem Sang Pemimpi luwih apik saka Laskar Pelangi.[11]
Lagu latar wuri
Kanggo ngiringi filem iki, Trinity Optima Production ngetokaké album tema filem iki nganggo singel lagu kang padha judhulé, Sang Pemimpi kang dinyanyikaké déning Gigi.
Dhaptar lagu
- Sang Pemimpi - Gigi
- Apatis - Ipang
- Cinta Gila - Ungu
- Ini Mimpiku - Claudia Sinaga
- Rentak 106 (Pak Ketipung) - Jay Wijayanto
- Teruslah Bermimpi - Ipang
- Zakiah Nurmala - Rendy Ahmad
- Para Pemimpi - Silentium
- Komidi Putar - Bonita
- Fatwa Pujangga - Rendy Ahmad
- Mengejar Mimpi - Maudy, Rendy, Claudia
- Tetaplah Berdiri - Nineball
- Cinta Gila (Bonus Version)
- Sang Mantan - Nidji
Remove ads
Uga wacanen
- Tetralogi Laskar Pelangi:
- Laskar Pelangi
- Sang Pemimpi
- Edensor
- Maryamah Karpov
- Seri filem Laskar Pelangi:
- Laskar Pelangi (filem)
- Edensor (filem)
- Maryamah Karpov (filem)
Rujukan
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads