Sega gorèng
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Sega gorèng yaiku panganan khas ing Indonésia. Lumrahé sega gorèng digawe saka sega, bumbu, bawang-bawangan, kécap, krupuk, endhog gorèng, lenga gorèng, lan ditambahi daging pitik utawa daging liyané, iwak asin, miturut seléra. Sega gorèng akèh macem lan kreasiné, miturut seléra.
Sega gorèng iki pancèn uwis dadi panganan lumrah sing gampang ditemokaké ing papan ngendi wae. Akeh sing durung mangerteni yen asal-usul sejatine sega gorèng iku saka negeri Cina. Miturut ceritane biyen wong-wong Cina iku ora seneng karo panganan sing wus adhem utawa ora anget lan supaya bahan pangan mau ora dibuwang kamangka diolah, dipanasi, dicampur-campur banjur dadi sing diarani "Sega Gorèng". Nalika wong-wong Cina padha ngranto anèng Nuswantara pakulinan iki mèlu digawa. Ing tlatah Nuswantara teknik masak sega sing digangsa dikembangké miturut bahan-bahan lokal sing lumrah ana ing kiwa-tengen[1], mergane iku sega gorèng isa diarani panganan kasil saka akulturasi budaya.
Remove ads
Cara nggawé sega gorèng
- bawang, brambang, lombok abang, lombok rawit, merica, uyah, diuleg nganti alus.
- banjur diosèng ing panci kang wis diwènèhi lenga gorèng sacukupé.
- banjur cemplungaké sega, kécap, onclang, lan daging. Diurap saratané.
- sega gorèng siyap disajèkaké karo krupuk, timun, lan kul.




Gladri
- Ing Indonésia
- Ing Jepang
Delengan uga
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads