Shannen Doherty

From Wikipedia, the free encyclopedia

Shannen Doherty
Remove ads

Shannen Maria Doherty (pocapané /ˈdoʊ.ərti/; (lair 12 April 1971  pati 13 Juli 2024 ing umur 53 taun) iku aktris Amérika Sarékat. Dhèwèké mliginé misuwur maragakaké Brenda Walsh ing sérial Beverly Hills, 90210 (1990–1994), 90210 (2008–2009), lan BH90210 (2019); serta Prue Halliwell ing Charmed (1998–2001).

Thumb
Shannen Doherty (2011)

Saliyané iku Doherty uga mainaké karakter liyané kayata Jenny Wilder ing Little House on the Prairie (1982–1983); Maggie Malene ing Girls Just Want to Have Fun (1985); Kris Witherspoon ing Our House (1986–1988); Heather Duke ing Heathers (1989); lan Rene Mosier in Mallrats (1995).

Remove ads

Urip awal

Shannen Maria Doherty lahir tanggal 12 April 1971,[1][2] ing Memphis, Tennessee,[3] minangka anak wadoné Tom lan Rosa Doherty. Dhèwèké didhidhik miturut kapitayané ibuné, yaiku agama Kristen Protèstan dhénominasi Baptis Kidul (Southern Baptist).[4]

Filmografi

Film

Katerangan liyané Taun, Judhul ...

Télévisi

Katerangan liyané Taun, Judhul ...
Remove ads

Wèb

Katerangan liyané Taun, Judhul ...

Vidhéo musik

Katerangan liyané Taun, Judhul ...

Lelara lan patiné

Ing taun 1999 Shannen Doherty didhiagnosis nandhang lelara Crohn.[95]

Banjur in taun 2015 dhèwèké didhiagnosis nduwèni lelara kanker. Wusanané ing tanggal 13 Juli 2024, Doherty tilar donya déning kanker ing omahé ing Malibu, California, mawa umur 53 taun. Miturut kapénginané, Doherty njaluk dikrémasi.[1][96]

Réferènsi

Pranala njaba

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads