Simón Bolívar
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Simón José Antonio de la Santísima Trinidad Bolívar y Palacios (lair ing Caracas, Venezuela, 24 Juli 1783 – pati ing Santa Marta, Kolombia, 17 Dhésèmber 1830 ing umur 47 taun) iku panglima militèr perjuangan kamardikan Amérika Kidul kang kanthi kolektif dikenal kanthi jeneng Perang Bolívar. Panjenengané mbébasaké akèh nagari ing Amérika Kidul saka Spanyol. Sajeroning sawatara taun, Simon Bulivar dadi Présidhèn Gran Colombia, nagara kang ora suwé anané. Nagara Bolivia dijenengaké miturut jenengé Bolívar.

Remove ads
Wayah Cilik lan Enome
Simon Bolivar lair taun 1783 ing kutha Caracas, Venezuela. Bolivar lair ing kulawarga aristokrat tedhak turune wong Spanyol. Nalika umuré isih sangang taun, dhèwèké wis yatim. Bolivar akèh sinau saka kaum pembaharu Perancis. Tokoh kang dadi panutane ya iku John Locke, Rousseau, Voltaire lan Montesqueu.
Nalika enom, Bolivar lelugan ing jagad Éropah. Taun 1805, ing pucuking gumuk Aventine, Roma Simon sumpah yèn dhèwèké ora bakal njagong ungkang-ungkang sadurungé negarane merdika saka penjajah Spanyol.
Remove ads
Revolusi Amérika Latin
Taun 1808 Napoleon Bonaparte nyerang Spanyol lan ndadèkaké seduluré panguwasa ing kana. Kaanan iki apik kanggo Amérika Latin nggayuh kamardikane saka jajahane Napoleon.
Taun 1810 revolusi ing Venezuela diwiwiti. Nalika iku gubernur Spanyol kang kuwasa ing kana dipeksa mudhun saka kuwasane. Taun 1811 Venezuela banjur ngumumake kamardikane, Bolivar dadi pemimpin revolusioner. nanging setaun sabanjuré wadyabala Spanyol kasil nguwasani Venezuela manèh. Salah sawijining pemuka revolusi, Fransisco Miranda dikunjara lan Bolivar lunga saka negarane.
Taun-taun sabanjuré Bolivar mèlu ing sapérangan peperangan, menang lan kalah dilakoni nanging Bolivar ora tau mutung. Taun 1819 Bolivar mimpin wadyabala kang campur lan morat-marit ora karuan, nyabrang kali, munggah gumuk, lembah lan pucuk gunung Andes kanggo nyerang saradhadhu Spanyol ing Columbia. Bolivar menang peperangan ing Boyaca tanggal 17 Agustus 1819. Venezuela banjur dibebasake taun 1821 lan Ecuador taun 1822.
Ing panggonan liya, patriot Argentina, Jose de San Martin kasil mbebasake Argentina lan Chili saka kolonialisme Spanyol lan tanggung jawab ing kamardikanane Peru. Boliver lan Martin ketemu ing kutha Guayaquil, Ecuador, sasi panas taun 1822. Nanging, kekarone ora bisa bebrayan kanggo ngalahake Spanyol, amarga San Martin ora sarujuk karo Bolivar kang galak ngadhepi Spanyol. San Martin banjur mundur saka kalungguhan komandan lan nagdoh saka Amérika Latin. Taun 1824 wadyabala Bolivar membebasake tlatah kang saiki sinebut Peru, lan ing taun 1825 wadyabala Spanyol ing lor Peru (saiki sinebut Bolivia) diusir.
Remove ads
Dadi Présidhèn
Bolivar duwé kekarepan anané fédherasi kanggo nagara-nagara ing Amérika Selatan. Venezuela, Colombia lan Ekuador wis dadi siji Republik Colombia Raya kanthi Bolivar minangka presidene. Nanging nagara-nagara ing Amérika Selatan duwé kekarepan supaya bisa mardika lan mecul saka fédherasi. Nalika Bolivar nganakake muktamar nagari-nagari Amérika bekas jajahane Spanyol ing taun 1826, mung ana patang nagara kang nekani. Perang sadulur pecah ing taun 1828 lan ana reka daya kanggo mrajaya Simon Bolivar. Ngancik 1830 Venezuela lan Ekuador metu saka fédherasi. Bolivar sadhar yèn dhèwèké dadi alangan kanggo katentreman. Dhèwèké mundur saka pamarentahane ing sasi April taun 1830. Nalika séda ing sasi Dhésèmber 1830, kahanane Bolivar kuciwa lan gela, mlarat katula-tula lan dibuwang saka nagara asalé Venezuela.
Uga delengen
- Perang Bolívar
- Revolusi Bolivaria
![]() |
Wikimedia Commons duwé médhia ngenani Simón Bolívar. |
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads