Simisear
From Wikipedia, the free encyclopedia
Remove ads
Simisear, ing Jepang diarani Baokkie (バオッキー Baokkī?), iku spésies Pokémon tipe geni ning Pokémon saka Nintendo lan Game Freak. Digawé déning Ken Sugimori, Simisear pisanan muncul ing dolanan vidéo Pokémon Black lan White lan bacutan sakterusé.
Dikenal minangka Pokémon Bara Geni, Simisear pisanan muncul ing 2010 ing Pokémon Black lan White.
Simisear iku évolusi saka Pansear amarga dikenani Fire Stone.
Remove ads
Konsèp lan ciri
Simisear, Pokémon Bara Geni, awujud kethèk warna krèm-abang. Simisear nduwèni mripat ireng bunder, kuping gedhé kang jeroné warna oranye, lan irung ireng. Ana bentuk kaya geni mubeng ing dhuwur sirahé. Ana bentuk kaya méga ing guluné. Pérangan rai lan awak pérangan dhuwur nduwé warna krèm. Tangané nduwé lima driji, sikilé nduwé telu driji. Lengen, awak pérangan ngisor, nganti sikilé ana akèh rambut sing warnané abang. Ujung buntuté awujud kaya geni. Simisear seneng mangan sing legi.[1] Ana crita yèn Simisear ana geniné lan nyebar bara kanggo ngadang musuh.[2]
Remove ads
Rujukan
Pranala njaba
Wikiwand - on
Seamless Wikipedia browsing. On steroids.
Remove ads