Simplas

From Wikipedia, the free encyclopedia

Simplas
Remove ads

Simplas ya iku kontinum sitoplasma kang gegayutan déning plasmodesmata ing tuwuhan lan duwé fungsi kanggo ngangkud banyu lan mineral saka oyot tekan xilem.[1] Prosès panyerapan banyu lan zat hara ing oyot tuwuhan bisa lumantar dalan loro, ya iku ing jaba pembuluh lan ing jero pembuluh.[2] Pangangkutan ing jaba pambuluh kapérang dadi apoplas lan simplas.[3] Simplas ngemot sitoplasma kabèh sel tuwuhan lan vakuola.[2] Simplas miangka siji unit amarga protoplas sel kang jinejeran tansah gegayutan lumantar plasmodesmata.[2] Bahan kaya ta glukosa bisa ngliwati plasmodesmata saka sel tekan sel kaping éwon luwih rikat tinimbang karo nembus membran lan dinding sel.[2] Nanging partikel kang luwih gedhé saka 10 nm ora bisa ngliwati plasmodesmata.[2]

Thumb
Jalur apoplas lan simplas
Remove ads

Uga delengen

Cathetan suku

Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads