Skala Mohs

From Wikipedia, the free encyclopedia

Remove ads

Skala Mohs yaiku skala pangukuran kang dipigunakaké kanggo ngukur tingkat kakerasan (atos empuké) siji mineral. Skala iki tinemu déning mineralogis Jerman, Friedrich Mohs taun 1812. Mohs ndèfinisèkaké 10 tataran kakerasan mineral, kang wektu iku wis tinemu kabèh kajaba watu permata. Skala iku nuduhaké 1 kanggo kang "paling empuk" lan 10 kanggo kang "paling atos". Kakerasan siji bahan diukur kanthi golèk bahan paling atos kang bisa digorès déning bahan kang diukur, lan/utawa bahan paling empuk kang bisa nggorès bahan kang diukur. Contoné, yèn siji bahan bisa digorès déningapatit nanging ora bisa digorès déning fluorit, tingkat kakerasan bahan mau ing skala Mohs yaiku 4,5.

Tabel ing ngisor iki nuduhaké perbandingan karo kakerasan mutlak kang diukur nganggo sklerometer.

Katerangan liyané Mineral, Kakerasan mutlak ...

Ing skala Mohs, kuku duwé biji 2, koin tembaga duwé biji 3, péso 5, kaca 5,5 lan wesi 6,5. Sawijining tabel alternatif kawanuhaké kanggo ngakomodir bahan-bahan tambahan kang ing tabel lawas duwé angka kakerasan ing antarané 2 aji.

Katerangan liyané Kakerasan, Bahan utawa mineral ...
Remove ads
Loading related searches...

Wikiwand - on

Seamless Wikipedia browsing. On steroids.

Remove ads